Soerjadi Soedirdja
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Jenderal TNI (Purn) Surjadi Soedirdja (lair ing Batavia, 11 Oktober 1938; umur 86 taun) inggih punika salah satunggalipun tokoh militèr lan pulitik Indonésia.[1] Surjadi Soedirdja naté njabat dados Gubernur Jakarta Périodhe 1992-1997.[1] Nalika masa pamaréntahanipun, panjenenganipun damel proyèk damel griya susun, ngripta wewengkon ingkang ijem, lan ngathahaken tlatah rembesan toya.[1] Wonten malih rencana proyèk sepur ing sandhaping siti lan margi susun tiga ingkang naté dipunrencanakaken nanging dèrèng kawujud ngantos sapunika.[1] Panjenenganipun kasil mbébasaken margi Jakarta saking angkudan bécak.[1] Panjenenganipun naté njabat dados Mantri Lebet Nagari (1999-2001) lan Mantri Koordinator babagan Pulitik lan Kaamanan (2000-2001) ing wekdal Kabinet Persatuan Nasional.[1]

Tilas Gubernur DKI Jakarta (1992-1997) Jenderal TNI (Purn) Surjadi Soedirdja punika salah satunggalipun tiyang ingkang sakedhik micara nanging sengkut anggènipun nyambut damel.[2] Panjenenganipun sampun suksès mbébasaken margi ing Jakarta saking bécak lan kathah yasa margi layang.[2]
Remove ads
Pendhidhikan
Karir
- Kasdam IV Diponegoro Jawi Tengah (1986-1988),
- Pangdam Jaya (1988-1990),
- Asisten Sospol ABRI (1990-1992),
- Gubernur DKI Jakarta (1992-1997),
- Mantri Lebet Nagari (1999-2001),
- Mantri Koordinator babagan Pulitik lan Kaamanan (2000-2001).[2]
Cathetan suku
Pranala njawi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads