Sujeonggwa

From Wikipedia, the free encyclopedia

Sujeonggwa
Remove ads

Sujeonggwa ya iku jinis ombenan tradhisional kas Koréa kang digawé saka woh kesemek lan digaringaké lan diombenkaro sari jahe, kayu legi, madu lan gula.[1][2] Lumrahé istilah sujeonggwa dienggo kanggo pirang-pirang jinis ombenan sari woh liyané.[1] Sujeonggwa dadi ombenan entheng kang akèh disenengi déning wong Koréa saliyané sikhye kang biyasa disuguhake nalika wis adhem ing riyaya Seollal (taun anyar Imlek).[1] Prosès gawéne sujeonggwa aya iku kanthi nggodhog bahan woh-wohan lan pemanis lan sawisé ranpung, godhogan mau bakal diwènèhi kethokan kayu legi lan jahe kanggo nambahi rasa.[1] Kayu legi lan jahe ditambahake ing pungkasan amarga yèn digodhog bebarengan rasané bakal ilang.[1] Sujeonggwa bakal adhemake lan disuguhake bareng kacang cemara, es batu lan woh kesemek garing (gotgam).[1]

Thumb
Sujeonggwa
Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads