Surat Al Qashash

From Wikipedia, the free encyclopedia

Surat Al Qashash
Remove ads

Surah Al-Qasas (Arab: القصص ,"Carita-Carita") punika surah angka 28 ing al-Qur'an. Surah punika dipun-turunaken ing Makkah sasampunipun Surat An-Naml lan kasusun saking 88 ayat. Surahpuniki dipunwastani surah Al-Qasas amargi mendhet dan terdiri dari 88 ayat. Irah-irahan Al-Qasas dipun-pendhet saking tembung ing ayat 25 ingkang tegesipun::

Katerangan liyané al-Qasas القصص, Informasi ...
Thumb
Surah Al-Qasas:88 disusul Surah Al-Ankabut:1

"Banjur salah satunggiling saking tiyang èstri kakang-adhi sakloron punika dumugi kanthi langkah lingsem sinambi matur: Sayektinipun rama kawula manggihi panjenengan kanggé males budhi panjenengan maringi toya kéwan raja-kaya kawula. Mila nalika Musa dumugi pinanggihan lan atur cariyos-cariyos lelampahan ingkang sampun dipun-lakèni, tiyang sepuh punka ngendika:'Aja sliramu mangu, sliramu wis slamet saka wong-wong zalim iku."

Surah punika katurunaken sasampunipun kaum muslimin taksih dèrèng kiyat nalika taksih dipunkuya-kuya kaliyan tiyang-tiyang Musrikin Mekah ing cekel panguwaosan lan urip mubra-mubru. Mila, Allah nurunaken surah punika dados pangèling tumrap riwayatipun Nabi Musa saking Pirngon ingkang kejem lan kaméwahipun Qarun sarta maringi janji kanggé kajayan Muhammad ing tembé.

Remove ads

Intisari Surah

Sapérangan utama ing surah punika nyariosaken riwayatipun Nabi Musa saking prasatawa ing dumadi ing tanah kalairanipun sarta nuduhaken kejemipun Pirngon lan pitulungan Allah tumrap Bani Israil nalika Nabi Musa wiwit angsal wahyu.

Cariyos bèntenipun:

  • cariyos nabi-nabi rumiyin kanggé bukti kenabian Muhammad
  • kautaman ahlul kitab ingkang ngimani Muhammad
  • pamaringan taufik dhumateng kawula-Nipun ingkang gadhah iman.
  • Allah ngleburaken kang ndunungi sawijining nagari amargi siya-siya kaliyan dhiri pribadi lan kaumipun
  • boten wonten azab kanggé kaum ingkang dérèng kautus rasul rasul.
  • Kaanan tiyang kafir ing Dinten Kiamat.
  • Prabédan siyang lan ndalu dados rahmat kanggé manungsa..
  • Kasaénan bakal dipunwales Allah matikel-tikel déné tindak culika dipunwales sami imbang.
  • Janji kajayan Muhammad
  • Cariyos Qarun ingkang urip mubra-mubru.
Remove ads

Pranala njawi


Surat Sadurungė:
Surat An Naml
Al-Qur'an Surat Sabanjurė:
Surat Al 'Ankabut
Surat 28
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads