Surat
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Surat, utawa surah (basa Arab:سورة sūrah, jamak "Suwar" basa Arab:سور) iku istilah basa Arab kang tegesé kang diwatesi déning pager utawa témbok. Tembung iki lumrahé kanggo ngarani jenengé péranganing al-Qur'an. Kuran dumadi saka 114 surat, 30 jus lan 6236 ayat. Surat-surat sajeroning Kuran kapérang dadi surat-surat makkiyah lan madaniyah gumantung papan lan wektu tumuruné surat mau (Mekah utawa Madinah, sadurungé utawa sawisé ijrah).
Remove ads
Pawènèhan jeneng
Pamérangan Kuran dadi surat-surat minangka pamérangan kang ditulisaké ing al-Quran dhéwé. Ayat-ayat kang ngamot tembung "Surat" antarané surat An-Nur ayat 1, at-Taubah ayat 86, lan al-Baqarah ayat 23. Lumrahé, pawèwèh jeneng surat disesuaiaké karo téma kang diwicarakaké surat mau utawa kanthi jeneng kang wis ana sajeroning surat, kaya "al-Baqarah", "Ali 'Imran", lan "al-Isra'". Sajeroning naskah-naskah kuna aI-Quran, jeneng=jeneng surat kerep ditulisaké mawa jeneng kaya "Surat kang micarakaké sapi wadon [al-Baqarah]" utawa "Surat kang micarakaké kulawarga Imran [Ali Imran]".
Kadhangkala sawatara tembung utawa malah ukara saka sawijining surat dianggo njenengaké surat, kaya surat "Iqra' Bismi Rabbika", "Inna Anzalnahu", lan "Lam Yakun". Sifat sawijining surat uga bisa dipigunakaké kanggo mènèhi jeneng surat iku, kaya surat "Fatihatul Kitab", "Ummul Kitab", "as-Sab'ul Matsani", "al-Ikhlas", lan "Nisabatur Rabbi". Jeneng-jeneng lan sipat-sipat iki wis ana ing jaman awal Islam dhedhasar kesaksian asar lan sajarah. Malahan, jeneng sapérangan surat wis disebutaké sajeroning sawatara kadis Nabi, kaya surat al-Baqarah, Ali 'Imran, Hud, dan al-Waqi'ah kang nuduhaké yèn jeneng surat-surat mau wis ditentokaké ing jaman Muhammad lan dudu bab kang ditentokaké déning Muhammad kanthi syar'i.
Remove ads
Pratélan surat
Remove ads
Réferènsi
- Allamah M.H. Thabathaba'i (1987). Mengungkap Rahasia Kuran. Bandung: Mizan
Pranala njaba
- Daftar Surat Makkiyah dan Madaniyah Archived 2007-12-24 at the Wayback Machine.
- Hobibaca.com - Electronic Quran - Tadarus online, kenapa tidak ? Archived 2015-10-03 at the Wayback Machine.
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads