Soesanto Tirtoprodjo

From Wikipedia, the free encyclopedia

Soesanto Tirtoprodjo
Remove ads

Mr. Soesanto Tirtoprodjo (lair ing Sala, Jawa Tengah taun 1900 – séda ing taun 1969) ya iku nagarawan saka Indonésia kang dadi Mantri Kehakiman ana ing enem kabinèt kang béda-béda, ya iku wiwit jaman Kabinet Sjahrir III nganti tekan jaman Kabinet Hatta II.[1] Soesanto ngrampungaké pendidikané ana ing babagan hukum ing Universitas Leiden, Walanda nalika taun 1925.[1] Sawisé lulus Soesanto banjur nyambut gawé ana ing pangadilan Yogyakarta, Bogor, Kebumen, lan Kediri kanthi urutan.[1] Nalika mangsa perobahan kamardikan Nagara Rebuplik Indonésia, Soesanto nggabung ana ing Parté Indonesia Raya ing Surabaya lan uga mèlu dadi pengurus parté.[1] Sawisé merdeka, Soesanto mèlu ngurusi ana ing papréntahan minangka Bupati Panaraga lan residen Madiun (1945-1946) sarta uga njabat dadi Mantri Kehakiman (1946-1950).[1] Nalika jaman Agresi Militer Walanda II, nalika jaman Sjafruddin Prawiranagara mbentuk Papréntahan Darurat Républik Indonésia (PDRI) ing Sumatra, Soesanto diwènèhi tanggung jawab kanggo njabat dadi Mantri Kehakiman lan Penerangan Komisariat PDRI ing Jawa nalika 16 Mèi 1949.[2] Semasa Républik Indonésia Serikat (1949-1950), Soesanto mimpin Kabinet Peralihan lan njabat manèh dadi Mantri Kehakiman nalika Kabinet Natsir.[2] Amarga jasa-jasané Soesanto pinaringan anugrah Bintang Gerilya lan Bintang Mahaputra Kelas III déning pamaréntah RI nalika taun 1960.[2]

Sunyata Rikat Nayakotama Indonésia (penjabat sementara), Présidhèn ...
Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads