Tèh ijo

From Wikipedia, the free encyclopedia

Tèh ijo
Remove ads

Tèh ijo (Hanzi:绿茶 Hanzi tradhisional: 綠茶 pinyin:Lǜ chá) iku jeneng tèh kang digawé saka godhong tuwuhan tèh (Camellia sinensis) kang dipethik lan ngalami prosès pemanasan kanggo nyegah oksidasi, utawa bisa uga ateges ombènan kang diasilaké saka nge cor godhong tèh mau ing banyu umub. Tèh ijo wujud ombènan kawentar ing dharatan Tiongkok, Taiwan, Hong Kong, Jepang, Wétan Tengah, Asia Kidul-wétan lan tansaya dikenal uga ing nagara Kulon kang biyèné kagolong bangsa kang ngombé tèh ireng. Gugus katekin kang akèh kakandhut sajroning tèh ijo ing wangun molekul epigallocatechin-3-gallate (EGCG) bisa ngadhangi tumorigenesis ing tahap inisiasi, promosi lan progresi.[1][2]

Thumb
Godhong tèh ijo
Remove ads

Tèh ijo Jepang

Thumb
Tèh ijo

Tèh ijo (ryokucha) iku tèh kang umum ing Jepang saéngga yèn karan "tèh" (ocha) mula kang dimaksudaké akèh-akèhé wujud tèh ijo, lan nembé sinebut tèh Jepang (nihoncha) yèn pancèn sumadya pilihan tèh liyané. Tèh racaké didol kanthi rega kang gumantung marang kwalitas lan péranganing tuwuhan kang digawé tèh.

Thumb
Olah-olahan tèj ijo ya kuwi ès krim lan kuwé

Jinis-jinis tèh ijo kang umum:

Gyokuro
Tèh kapilih saka godhong tèh kelas dhuwur kang karan Tencha. Tèh dijenengaké Gyokuro amarga warna ijo pucet kang metu saka godhong tèh. Godhong dilindhungi saka cahya srengéngé saéngga ambuné wangi banget.
Matcha
Tèh ijo mawa kualitas dhuwur kang digiling dadi bubuk tèh lan dianggo upacara ngombé tèh. Matcha duwé ambu kang wangi saéngga kanggo perasa tumrap ès krim rasa tèh ijo, manéka jinis jajanan tradhisional Jepang (wagashi), manéka permèn lan coklat.
Sencha

Tèh ijo kang racaké diombé sadina-dina, digawé saka godhong kang diumbaraké kena cahya srengéngé.

Genmaicha
Tèh jinis bancha kanthi campuran wulir beras kang durung disosoh (genmai) kang digawé dadi brondong. Tèh iki duwé ambu wangi wulir beras kang setengah gosong.
Kabusecha
Tèh jinis sencha kang godhongé diopeni sawetara wektu saka cahya srengéngé sadurungé dipanèn. Ambu tèh kabusecha luwih lembut sethithik tinimbang tèh sencha.
Bancha
Tèh kasar kang digawé saka panènan kang kapindho antara mangsa panas lan mangsa palastra. Godhong tèh kanggo tèh bancha racaké luwih gedhé tinimbang godhong tèh sencha lan ambuné ora patiwangi.
Hōjicha
Tèh kang digongsèng ing sadhuwuring wajan utawa ing oven.
Kukicha
Tèh mawa kualitas asor saka godhong tèh campur gagangé.
Remove ads

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads