Tèh
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Tèh (basa Cina: 茶, Chá), iku ombénan tein. Yoiku salah siji infusi kang kagawé saka godhong garing semak Camellia sinensis kanthi banyu panas. Ing basa Cina Amoy diarani Te kang tegesé tèh. Basa nasional Cina tembung tèh yaiku Cha. Yèn ing basa Inggris tèh diarani tea. Akèh wong kang seneng ngombé tèh anget utawa panas. Kadhangkala diwènèhi gula. Teh kang kagawé saka tuwuhan tèh dipérang dadi 4 (patang) golongan: tèh ireng, tèh oolong, tèh ijo, lan tèh putih.
Aksara Latin |

Istilah "tèh" uga dipigunakaké tumrap ombènan kang kagawé saka woh-wohan, bumbon crakèn utawa tuwuhan obat liya kang diseduh, kaya ta, tèh rosehip, camomile, krisan lan Jiaogulan. Tèh kang ora ngandhut godhong tèh ingaran tèh hèrbal.
Tèh minangka sumber alami kafein, teofilin lan antioksidan kanthi kadar lemak, karbohidrat utawa protéin amèh ngancik nol persèn. Tèh yèn diombé krasa rada pait malah dadi ciri sedhepe ngombé tèh.
Tèh kembang kanthi campuran kuncup kembang mlathi kang mau tèh mlathi utawa tèh wangi mlathi dadi tèh kang populèr ing Indonésia[2]. Konsumsi tèh ing Indonésia watara 0,8 kilogram per kapita per taun isih adoh ing sangisoré nagara-nagara liya ing donya, sanadyan Indonésia kagolong nagara kang ngasilaké tèh paling akèh nomer lima ing donya.[3]
Remove ads
Sajarah

Miturut carita, tèh tinemu ing Cina. Tèh ing pisanan tinemu déning Kaisar Shen Nun ing taun 2737 sadurungé Masehi. Kaisar Shen Nung misuwur ora mung dadi kaisar thok, ananing uga misuwur kanthi sesebutan The Divine Healer (Sang Penyembuh dari Ilahi).[4] Carita nemu tèh déning Kaisar, ora sinengaja nalika godhong tèh kang ana ing kebon Kaisar Shen Nung tiba ing banyu kang lagi digodhog déning Kaisar. Nalika godhong tèh iku kena banyu panas, mambu énakè langsung nggawé Kaisar péngin nyoba ngicipi. Ora mung mambunè, nanging rasa sepet lan pait saka godhong tèh iku disenengi déning Kaisar amarga dipercaya bisa agawé segering awak. Saliyané iku, miturut panelitèné Kaisar Shen Nung, ngombé tèh bisa marèkaké saka lelara.[4]
Akèh kang ngandharaké panemonan tèh ing Jepang kang ana gegayutané karo Daruma. Daruma yaiku wong kang nyebaraké agama Zen Buda utawa kang misuwur kanthi sesebutan Father of Zen Buda ing Jepang taun 600 Masehi. Kacarita, Daruma lagi nyinaoni agama Buda kanthi tapa lan ora turu utawa merem sasuwéné 7 taun (ana kang ngandharakè 9 taun). Ana carita liya kang nyritakaké Daruma tapa kanthi lungguh nganti ing pungkasané sikilé Daruma lumpuh. Ana carita kang luwih sangar nyritakaké yèn Daruma sengaja nyuwèk kelopak mripaté karebèn ora turu nalika tapa. Klopak mripaté iku tiba ing lemah. Lan miturut lègenda, keajaiban kadadéan nalika klopak mripat iku tiba, thukul tuwuhan tèh kang kaping pisanan ing Jepang. Wiwit iku, Daruma misuwur kanthi mripaté kang gedhé minangka icon utawa pratandha lan didadèkaké golèkan kang misuwur ing Jepang.[4]
Ing taun 780 Masehi, kang pisanan cendekiawan kang jenengé Lu Yu ngumpulaké lan nulis buku kang ngrembug babagan temuan tèh lan mumpangate ing sajeroning literatur tèh, yaiku Ch’a Cing utawa The Classic of Tea. Buku iku nyritakaké yèn tèh minangka ombèn-ombèn kang bisa nggawé wong luwih semangat, bisa nglerem ati, mbuka pikiran lan nggawé ora ngantuk, nggawé ènthènging awak lan nyegeraké awak, sarta bisa ngunggahaké kamampuan pikiré wong.[4]
Remove ads
Panyebaran
Ing jaman Wangsa Han, Tang, Soon lan Yuan, komodhitas tèh wiwit diwanuhaké ing njaba Cina liwat ijolan kabudayan ing Asia Tengah liwat bawana Éropa sinambi adol kain sutra (sinebut Jalur Sutra). East India Company utawa Perusahaan Hindia Timur Karajan Manunggal kang dianakaké déning Ratu Elizabeth I tanggal 31 Dhésèmber 1600 kang duwé ancas yaiku monopoli padagangan ing Hindia Wétan. Ing taun 1669, East India Company ngéntukaké lisènsi kanthi nekakaké tèh saka Cina menyang Inggris nganggo kapal Elizabeth I. Monopoli padagangan tèh dikuwasani nganti taun 1833. Ing taun 1773 East India Company éntuk dodolan tèh langsung saka Cina menyang Amérika kanthi ngliwati jalur padagangan lan perpajakan kang ngrugikaké èksportir Éropa lan importir Amérika. Kamangka nggawé ngamuk warga Boston, kanthi ngguwang sakabèhing pethi kang isiné tèh ing laut. Kadadéan iku misuwur kanthi sesebutan Boston Tea Party kang ngakibataké révolusi Amérika marang panjajahan bangsa Inggris.[4]
Remove ads
Jinising tèh
Remove ads
Kandhungan

Tèh kanthi cara umum ngandhut dat kang akèh, yaiku pelifenol kang duwé mupangat minangka antioksidan lan bisa nyegah radhikal bébas sajeroning awak kang diakibataké saka lingkungan lan panganan kang didhahar. Tèh uga ngandhut vitamin B kang akèhé kaping sepuluhé yèn dibandhingaké janganan ijo. Vitamin C duwé mupangat minangka kakebalan awak utawa imunitas. Vitamin C kang ana ing sajeroning tèh bisa luwih akèh tinimbang vitamin C kang ana ing woh jeruk. Vitamin A duwé mupangat kanggo kasarasan mripat. Vitamin E duwé mupangat bisa nggawé jantung dadi séhat lan nggawé kulit dadi alus, yaiku akèhé kira-kira 100-200 UI. Kang pungkasan, tèh duwé kandhutan cathecin yaiku dat asipat multifungsi. Dat iki duwé mupangat minangka antiradhang, anti panggandhaan sèl, lan ngedhunaké kadhar kolesterol.[6][7] Miturut Noni Soraya, godhong tèh ireng unggulan ngandhut senyawa bioaktif polyfenol kang ing njeroné ngandhut flavonoid, tannin, kafein lan asem fenalat. Tèh ireng uga ngandhut vitamin B1, B2, C, E lan K sarta mineral fluor, mangan, kalsium, potassium lan kalium. Senyawa katekin kang ana ing sajeroning senyawa flavonoid ngandhut: Epikatekin (EC), Epikatekin Galat (ECG), Epigalo Katekin (EGC), Epigalo Katekin Galat (EGCG) lan Quercetin.[8]
Remove ads
Ékonomi

Tèh dadi ombèn-ombèn kang disenengi wong akèh ing donya kanggo dikonsumsi. Tèh bisa dikonsumsi ing kabèh jinis ombèn-ombèn ing donya-kaya ta dicampur karo kopi, coklat, soft drink, lan alkohol. Para konsumèn tèh paling akèh saka nagara Asia kulon yaiku nagara India lan Sri Lanka. Saking akèhé kang seneng ngonsumsi tèh, nganti ana budaya ngombé tèh kaya ing Gongfu tea ceremony kang ana ing nagara Cina. Ing nagara Jepang ana budaya ngombé tèh kanthi cara kang unik, yaiku sadurungé cangkir diisi tèh, cangkir iku direndhem ing banyu panas supaya nalika tèh dijog ing cangkir, angeté bisa awèt. Ing Amérika 80% wong seneng ngombé tèh kanthi cara diwènèhi ès.[9]
Taun 2003, prodhuksi tèh donya yaiku 3.21 milyar ton. Ing taun 2008, prodhuksi tèh donya punjul 4.73 milyar ton. Nagara kang paling akèh mrodhuksi tèh yaiku Cina, India, Kenya, Sri Lanka, lan Turki. Miturut tabèl prodhuksi tèh (ing ton), kabèh nagara kang ngasilaké tèh mundhak terus. Data iku éntuk saka FAO nalika Januari 2010.[10]
Remove ads
Jeneng ing basa liya
Remove ads
Priksani ugi
- Kopi
- Matte
Pranala njaba
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Tea. |
![]() |
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Tèh |
- Tèh -Camellia sinensis O.K. var. Assamica (Mast) - minangka sawijining sumber antioksidan Archived 2007-10-10 at the Wayback Machine.
- Tèh ijo nyegah panyakit Archived 2007-03-10 at the Wayback Machine.
- Ngenali ragam lan mupangat tèh Archived 2008-09-16 at the Wayback Machine.
- Jinis-jinis tèh
- Gawé ombènan tèh luwih kagungan aji
- Tea Leaves, Francis Leggett & Co., 1900, saka Project Gutenberg
- The Book of Tea by Kakuzo Okakura saka Project Gutenberg, lan versi PDF (2.8 MB)
- Classification and Nomenclature of the Tea Plant Archived 2016-01-17 at the Wayback Machine. From the Tea Reasearch Association's Toklai labs, Assam.
- Russian Tea How to Archived 2003-12-07 at the Wayback Machine. describes the Russian method for making tea and elaborates on the surrounding culture and equipment (notably samovar)
- British Standard 6008:1980 (aka ISO 3103:1980) Archived 2005-10-02 at the Wayback Machine. Method for preparation of a liquor of tea for use in sensory tests.
- George Orwell: A Nice Cup of Tea Archived 2005-09-04 at the Wayback Machine. An essay by author George Orwell describing his own methods of making tea.
- How to make a perfect cup of tea News Release from Royal Society of Chemistry.
- How to make a perfect cuppa
- The Industrial Revolution and Tea-drinking Archived 2006-10-18 at the Wayback Machine.
- Douglas Adams' humorous article on tea.
- Tea Auction
- Tea Forums Tea Discussion Forum Archived 2008-07-05 at the Wayback Machine.
- History of Teapots Archived 2007-02-02 at the Wayback Machine.
- Taiwanese Tea Culture Archived 2011-07-15 at the Wayback Machine.
- Trader's Port tea sampling community Archived 2009-02-01 at the Wayback Machine.
Remove ads
Cathetan sikil
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads