Tèh mutiyara

From Wikipedia, the free encyclopedia

Tèh mutiyara
Remove ads

Tèh mutiyara sing kawentar kanthi jeneng boba utawa bubble teaya iku salah sawijining ombèn-ombènan sing adhedhasar tèh lan ana mutiyara ing jeroné. Mutiyara iki kagawé saka glepung pathi saèngga kenyil-kenyil nalika dicokot. Sanajan mangkono, ana campuran susu lan gula arèn saèngga wernané semu buthek. Tèh iki rasané legi. Tèh iki kawentar amarga akèh warung-warung sing adol ombènan jinis iki.

Sunyata Rikat Jeneng liyané, Ajangan ...
Remove ads

Cara nggawé

Piranti sing dicepakaké

Mutiyara
  • Glepung kanji 100 gram
  • Banyu 75 ml
  • Gula pasir 1 sendhok pangan
  • Soklat bubuk 1 sendhok pangan
  • Pawarna pangan

Tèh

  • Teh ireng 1 cangkir
  • Gula arèn cuwèr 2 sendhok pangan
  • Susu putih 1/2 cangkir

Cara ngolah

  1. Campuraké adhonan mutiyara ing mangkok lan ulèni nganti kalis
  2. Bentuk dadi bunder-bunder lan digodhog 5 menit.
  3. Menawa wis mateng banjur dientas lan disaring.
  4. Campuraké tèh lan udhak nganti nyawiji.
  5. Deleh mutiyara ing gelas banjur suntak tèh.
  6. Tèh wis bisa diombè, luwih seger ditambahaké ès.
    Thumb
    Tèh mutiyara ing gelas
Remove ads

Pranala njaba

Videyo masak tèh mutiyara

Resèp masak tèh mutiyara

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads