Tèks Masorèt
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Tulisan Masorèt inggih punika tèks Ibrani ingkang gadhah parikuwasa (Ind: otoritas) ing Kitab Yahudi ingkang dipunakèni kanthi umum dados gagrag parijawat ing Tanakh.[1][2][3] Teks Masoret nganggè basa Ibrani lan namung angginaaken aksara wyanjana.[3][4][5] Tembung ing teks punika saged kawaos kaliyan anambahkèn sandhangan Ibrani utawa aksara swara ing jarwaksara Latin.[1] Aksara swaraning tembung ing salèbeting tulisan Masoret botèn cèdhak amargi botèn kasèrat.[1] Aksara swara ingkang boten cetha punika saged damel ambiguitas ing wanci maosipun.[1] Cara kanggé ngindari kaklinton ing wanci maos tulisan punika kalihan nambahaken sandhangan.[1] Dados, aksara swara ingkang dipunginakaken ing seratan punika wiwitipun saking aksara wyanjananing tembung punika piyambak.[4]

Seratan Masoret limrahipun dipunnyatakaken ing tandha (MT, 𝕸, or ).[4] MT punika ateges Masoretic Text. Naskah punika dipunrampungake déning para rabi sawatawis abad kapisan Masehi.[4] punika dados babaku ing agama Yahudi Kulonan sawatawis abad kaping 10 Masehi, lan salajengipun ugi ing pakiwatengenan pariklumpuk Yahudi salimrahipun.[4]
Remove ads
Wiwitan lan Pinyebaripun
Talmud punika cikal bakal seratan Masoret.[6][7][8] Kitab Talmud dados salah satunggaling babaku ing pinyerating Alkitab Ibrani.[6][7][8] Seratan punika lajeng dipunopeni ing salebeting pasembahyangan ing Yerusalem.[6][7][8] Kitab Talmud piyambak gadhah gegayutan kalihan tigang gulungan Toret..[6][7][8] Tigang kitab punika dipuntemokaken ing salebete lan gadhah bèntenipun piyambak-piyambak.[6][7][8] Bèntenipun punika dipunpecahake nglampahi kaunggulan piyambak-piyambak gulungan.[6][7][8]
Jaman Padaleman Suci Kapindho
Gulungan-gulungan Sagara Pejah ingkang dipuntemokaken ing sawatawis taun 150 SM-75 M di sakiwa-tengené Qumran.[6][7][8] Boten wonten seratan ing salebeting jaman punika ingkang gadhah katunggalwarnan ingkang sami amargi punika énggal ingkang dipuntekanake pinten-pinten abad salajengipun.[6][7][8] Gulungan-gulungan pukika ugi nunjukkan pinten-pinten parijinis alit ing salebeting tataserat manawi saé punika ing salebeting Seratan Masoret, lan ingkang sanèsipun.[6][7][8] Sapunika kalihan gamblang katingal saking boten wontene benaktulis (Ind: koreksi) lan alternatif parijinis ingkang nggambaraken kaluwaran kanggé milih ingkang jumbuh kaliyan kakarepan piyambak-piyambak lan kawicaksanan ing antawisipun seratan ingkang bènten-bènten.[6][7][8]
Jaman Para Rabbi Yahudi
Kaum Parisi maringi kawigatosan ingkang anjlentreh (Ind: detail) ing tembung lan piwaca dados dhasar argumen kalihan seratan.[6][7] Kawigatosan punika njangkah pucukipun kanthi tuladhanipun Rabbi Akiya antawis taun 135 M.[6][7] Idhep seratan sampurna dipunsucekaken ing salebeting dhasaripun ingkang aksara wyanjana, nyebar kanthi cepet nglampahi pariklumpuk Yahudi.[6][7] Pariklumpuk punika nyatakaken nglampahi ukara-ukara ingkang andhekeng ing salebeting Halakha, Aggada, dan papikiring Yahudi.[6][7] Kajaba iku, wonten ugi kritig ingkang kuwat kalihan pernyataan ing Jaman Tengahan.[9] Pernyataan punika dados sebuah penyimpangan ing salebeting layang ingkang badhé andamel Toret dados boten valid.[9] Teks Ibrani gadhah bèntenipun ingkang cetha kaliyan teks Masoret ing jaman sapunika.[9] sanèsipun ugi, wonten bèntenipun kaliyan gagrag Gemara lan Midras Halakha ingkang adhedhasar gagrag cara pocapipun.[9] Gagrag punika boten kacithakwetu malih ing seratan Masoret jaman punika.[9]
Remove ads
Cathetan suku
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads