Tèktonisme

From Wikipedia, the free encyclopedia

Tèktonisme
Remove ads

Tektonisme ya iku tenaga kang bisa ndadékaké owahing lapisan sadhuwuring bumi kanthi vertikal utawa horisontal.[1] Tandha-tandha kang metu saka aktivitas téktonisme diarani dislokasi.[1] Déné kang diarani dislokasi ya iku gèsèré lapisan sadhuwuré bumi kanthi kapeksa.[1]

Thumb
Pusat-pusat lindhu ing sakabehing donya taun 1963-1998
Remove ads

Èpirogénésa

Èpirogénésa ya iku owah kang wujud gèsèring kulit bumi kang rélatif suwi lan ncakup panggonan kang amba.[1] Gerakan epirogenesa dibédakaké dadi loro, ya iku èpirogénésa positip lan èpirogénésa négatip.[1] Kang diarani èpirogénésa positip ya iku owah kang ndadékaké mudhuning sadhuwuring bumi.[1] Kamudhunan iki amarga ana tambahan bobot, kaya déné akèhing sèdimèntasi ing laladan kang cekung.[1] Déné kang diarani èpirogénésa négatip ya iku owah kang ndadékaké munggahing lapisan kulit bumi.[1] Munggahing lapisan kulit bumi amarga ana pangurangan bobot ing sadhuwuring bumi, kaya déné lapisan ès kang nglèlèh.[1] èEpirogénésa négatip bisa ndadékaké lumah sagara dadi mudhun, lan mudhuning dhasar sagara.[1]

Remove ads

Orogénésa

Orogénésa ya iku owah kang wujud gèsèring lapisan kulit bumi kang rikat banget ing panggonan kang rélatif sempit.[1] Orogénésa ndadékaké anané tekanan kang horisontal lan vèrtikal ing kulit bumi.[1] Owah kang kaya mangkéne bisa ndandékaké lipatan lan patahan.[1] Lipatan watu amarga struktur watu ngenani tekanan kang ora pati gedhé utawa rikat, nanging suwi.[1] Tekanan téknonisme mau nyurung lan ngangkat lapisan watu kang rélatif empuk.[1] Pérangan pucuk lipatan diarani antiklinal, déné pérangan lembahé sinebut sinklinal.[1] Patahan disebabaké déning tenaga téktonik kang rélatif gedhé lan rikat marang lapisan kulit bumi saèngga tugel kanthi vertikal utawa horisontal.[2] Wujud bumi amarga patahan kaya déné graben lan horst.[2]

Remove ads

Ugi pirsani

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads