Trancam
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Trancam inggih punika salah satunggaling jinis tetedhan ingkang populèr ing Jawi Tengah. Wujudipun kados urap, dipundamel saking woh-wohan utawi ron-ronan ingkang taksih mentah, kados ta:

Sejatosipun trancam punika mèmper sanget kaliyan urap. Bèdanipun manawi trancam ngagem ron kemangi. Rasanipun trancam punika seger lan pedhes. Sayuran mentah gadhah ènzim ingkang asipat topunikam. Khasiatipun saged mbiyantu ngatasi gangguan ginjel[1].
Remove ads
Caranipun Damel
- Kacang lanjaran, timun, bengkoang, wortel dipunrajang alit-alit.
- Témpé dipunpanggang lajeng dipunrajang alit-alit.
- Klapa dipunparut, dipunpendhet ampasipun.
- Damel sambel. Lombok, bawang, kencur, uyah dipunulek.
- Campuraken sadaya bahan lajeng dipunkolèh. Sasampunipun dipunkolèh, trancam saged dipundhahar. Trancam saged dados lawuh, ugi saged dipunjambal.
Réferènsi
Pranala njawi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads