Trans Studio Bandung

From Wikipedia, the free encyclopedia

Trans Studio Bandung
Remove ads

Trans Studio Bandung ya iku taman kanggo dolanan ing ruwangan kang gedhé.[1] Trans Studio Bandung iku duwéké Trans Crop.[1] Trans Studio Bandung ya iku panggonan kanggo dolanan kang manggon ing jero ruangan, panggonan iki dibangun sawisé Trans Studio Makassar kang dibangun nalika taun 2009.[1] Déné Trans Studio kang manggon ing Makassar saiki wis dadi panggonan kang misuwur.[1] Wahana kang ana ing kono cacahé akèh lan jenengé jumbuh karo program-program kang ditayangaké Trans TV utawa Trans7.[1]

Thumb
Trans Studio Bandung
Remove ads

Panggonan lan Wahana Permainan ing Trans Studio Bandung

Dolanan kang ana ing Trans Studio Bandung ya iku:[1]

Studio Central
  • Trans City Theater
  • Yamaha Racing Coaster
  • Giant Swing
  • 4D Simulator
  • Vertigo
  • Transcar Racing
  • Bolang Adventure
  • Trans Broadcast Museum
  • Trans Science Center
  • Trans Movie Magic
The Lost City
  • Jelajah
  • Kong Climb
  • Sky Pirates
  • Amphitheater
  • Black Heart's Pirate Ship
Magic Corner
  • Negeri Raksasa
  • Dragon Raiders
  • Pulau Liliput
  • Dunia Lain
  • Special Effect Action
Remove ads

Grand Opening

Grand Opening Trans Studio Bandung dianakaké nalika tanggal 17 Juni 2011.[2] Acara iki disiyaraké langsung karo Trans TV, Trans 7 lan TV3.[2] Panggonan iki dibukak kanggo umum nalika tanggal 18 Juni 2011. Grand Opening iki ditekani artis-artis papan atas kaya ta Vidi Aldiano, Smash, 7 Icon, Slank, Vierra, lan Artis Opera Van Java, lan para talent saka Indonesia Mencari Bakat.[2] Nalika pembukaan acara iki dibukak kanthi jogèd saka Fay Nabila, Brandon,lan Rumingkang.[2]

Remove ads

Rega Tiket

Regané tikét kanggo lumebu ing Trans Studio Bandung ya iku:[2]

  • Senen nganti Jumat: Rp. 150.000,-(Satus séket éwu rupiah)
  • Setu-Minggu / Dina Libur: Rp. 200.000,-(Rong atus éwu rupiah)

Tikét iki bisa dianggo ing kabéh wahana lan ora diwatesi.[2]

Tiket lumebu Trans Studio nggunakaké kertu Mega Cash, regané kertu ya iku Rp. 10.000,-.[2] Kertu Mega Cash bisa minangka kabéh transaksi ing kabéh outlet ing Trans Studio Theme Park.[2] Trans Studio Bandung manggon ing Jalan Jenderal Gatot Subroto no. 289.[2]

Cathetan suku

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads