Transistor

peranti elektronik kanggo nguwataké, medhot, lan mbagi arus setrum From Wikipedia, the free encyclopedia

Transistor
Remove ads

Transistor ya iku siji piranti elektronik kang wujudé tabung cilik banget kang digawé saka semikonduktor.[1] Gunane kanggo nguwatake, medhot, lan mbagi arus listrik.[2] Transistor tinemu nalika taun 1948 déning ahli fisika ya iku Walter Houser Brattain, John Bardeen, lan William Braddford Shockley. Transistor bisa kanggo kran listrik.[3] Padatan, transistor nduwé terminal cacahé telu.[3] Tegangan utawa arus kang dipasang ing salah siji terminale iku ngatur arus kang luwih gedhé liwat rong terminal liyané.[3]

Thumb
Transistor: piranti kang digawé saka semikonduktor
Remove ads

Cara kerja transistor

Wiwitane, ana rong jinis transistor, ya iku bipolar junction transistor (BJT utawa transistor bipolar) lan field-effect transistor (FET).[3] Kekarone cara kerjane dhéwé-dhéwé.[3]

Crita

Penemuan transistor kasebut, yaiku salah sawijining prestasi sing paling penting ing abad kaping-20, minangka asil pangembangan elektronik semikonduktor, sing wiwit taun 1833, nalika eksperimen fisika Inggris Michael Faraday nganakake eksperimen pertama kanthi materi semikonduktor - perak sulfida.[4]

Jinising transistor

Transistor bisa dibédakaké dhedhasar sapérangan kategori:[3]

  1. Materi semikonduktor: Germanium, Silikon, Gallium Arsenide
  2. Kemasan fisik: Through Hole Metal, Through Hole Plastic, Surface Mount, IC, lan sapanunggalane.
  3. Tipe: UJT, BJT, JFET, IGFET (MOSFET), IGBT, HBT, MISFET, VMOSFET, MESFET, HEMT, SCR sarta pangrembakane transistor ya iku IC (Integrated Circuit) lan liya-liya.
  4. Polaritas: NPN utawa N-channel, PNP utawa P-channel
  5. Maximum kapasitas daya: Low Power, Medium Power, High Power
  6. Maximum frekwensi kerja: Low, Medium, atau High Frequency, RF transistor, Microwave, lan liya-liyané.
  7. Aplikasi: Amplifier, Saklar, General Purpose, Audio, Tegangan Tinggi, lan liya-liyané.

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads