Unown

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Unown, ing Jepang diarani Unknown (アンノーン Annōn?), iku spésies Pokémon tipe psikik ning Pokémon saka Nintendo lan Game Freak. Digawé déning Ken Sugimori, Unown pisanan muncul ing dolanan vidéo Pokémon Gold lan Silver lan bacutan sakterusé.

Sunyata Rikat Dolanan kapisan, Dhésain déning ...

Dikenal minangka Pokémon Simbol, Unown pisanan muncul ing 1999 ing Pokémon Gold lan Silver.

Unown ora évolusi dadi Pokémon liya. Ing Génerasi II, ana 26 macem (namung aksara). Ing Génerasi III, tambah 2 jinis, (? lan !).

Remove ads

Konsép lan ciri

Unown, Pokémon Simbol, awujud gèpèng pipih kaya mripat sing nduwé tangan utawa tambahan sing bakal mbentuk aksara utawa tandha waca (? lan !). Awaké warna ireng kabéh nanging pérangan mripaté (skléra) warna putih. Kabéh Unown aksara melék, nanging Unown tandha waca rada merem. Sanajan mirip aksara Latin, tapi dicritani manawa Unown nggambaraké aksara Hieroglif.[1] Unown iku Pokémon sing arang banget. Unown urip ing donyané dhéwé, arang metu saka donyané. Pisanan metu, biyasané nèmplèk ing témbok.[2]

Remove ads

Rujukan

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads