Walang

From Wikipedia, the free encyclopedia

Walang
Remove ads

Walang iku insekta hèrbivor saka subordo Caelifera ing ordho Orthoptera.[1] Insekta iki duwé antena kang mèh mesthi luwih cendhak saka awaké lan uga duwé ovipositor cendhak. Swara kang ditimbulaké sapérangan spésies walang racaké diasilaké kanthi nggosokaké femur mburiné marang sewiwi ngarep utawa abdomen (karan stridulasi), utawa amarga kepakan swiwiné nalika mabur.[1] Femur mburiné lumrahé dawa lan kuwat kang cocog kanggo mlumpat.[1] Insekta iki lumrahé duwé suwiwi, sanadyan swiwiné sok ora bisa dipigunaaké kanggo mabur. Walang wadon lumrahé ukurané luwih gedhé tinimbang kang lanang.[1]

Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Familia ...
Remove ads

Filogeni

Orthoptera
Ensifera (crickets)

[6 superfamilies]


Caelifera (grasshoppers)

Tridactyloidea




Tetrigoidea




Eumastacidae




Proscopiidae




Pneumoridae




Pyrgomorphidae



Acrididae + Pamphagidae









Minangka sumber pangan

Thumb
Sawijining olahan saka walang

Walang dadi panganan kanggo masarakat Asia kaya ta Thailand lan Vietnam.[2] Van Huis nyebutake yèn walang ngandhut protéin 90 persén tinimbang daging sami kang mung ngandhut 40-70 protéin.[2]

Thumb
Walang lagi kawin. Walang wadon kang ukuran awaké luwih gedhé

Uga delengen

Pranala njaba

Cathetan suku

Wacan terusan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads