Waranggana

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Waranggana ya iku pawongan sing pagawéyané nembang gendhing-gendhing ing pagelaran wayang. Waranggana mbantu dhalang kanthi nembangaké lelagon miturut carita utawa lakon wayang. Ing donya padhalangan utawa karawitan, waranggana uga diwastani pesindhèn utawa swarawati.

Tembung waranggana ing basa Kawi Jawa, kadadéan saka tembung wara sing tegesé wong wadon lan tembung anggana sing tegesé dhéwé. Kala biyèn waranggana iku wong wadon sing cacahé mung siji ing tengahé para niyaga sing padatan lanang kabèh. Nanging, ing jaman saiki cacahé waranggana ing pagelaran wayang purwa bisa papat nganti pitu, gumantung rerembugané dhalang lan wong sing nanggap.[1]

Remove ads

Sarat dadi Waranggana

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads