Wikimania
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Wikimania iku konferènsi para naraguna proyèk wiki kang dianakaké déning Yayasan Wikimedia. Konferènsi kang kapisan dianakaké ing Frankfurt, Jerman ing Agustus 2005. Konferènsi kang kapindho dianakaké ing Boston, Amérika Sarékat uga ing sasi Agustus 2006. Sing kaping telu dianakaké ing Taipei, Taiwan, Républik China ing taun 2007.

Banjur para panliti lan pamicara nyedyakaké panlitèn lan èkspérimèn bab proyèk-proyèk Wikimedia. Program iki nglebokaké présèntasi, lokakarya, lan pangajaran kanggo mènèhi sakilas gambaran bab riset wiki lan proyèk kawruh bébas.
Akèh-akèhé pacelathon nganggo basa Inggris, nanging bahan konferènsi uga diterjemahaké sajeroning sawatara basa resmi.
Remove ads
Papan dianakaké Wikimania
- 2005: Frankfurt, Jerman, peserta saka Indonésia: Meursault2004
- 2006: Boston, Amérika Sarékat, peserta saka Indonésia: Chaerani
- 2007: Taipei, Taiwan, peserta saka Indonésia: Meursault2004, Serenity, Rintojiang, Roscoe x
- 2008: Alexandria, Mesir, peserta saka Indonésia: Meursault2004
- 2009: Buenos Aires, Argentina, peserta saka Indonésia: Ivan Lanin
- 2010: Gdańsk, Polen, peserta saka Indonésia: Meursault2004, Mimihitam, BlackKnight lan Kartika Sari Henry (juwara lomba nulis ing Wikipédia abasa Indonésia 2010).
- 2011: Haifa, Israèl
- 2012: Washington DC: Amérika Sarékat
- 2013: Hong Kong, Tiongkok
- 2014: London, Britania Raya
- 2015: Kutha Mèksiko, Mèksiko
Remove ads
Réferènsi
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads