Windows 7

tata operasi komputer kang kawanuhaké ing 2009 From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Windows 7 (sadurungé mawa kodhe Blackcomb utawa Vienna) wujud vèrsi sabanjuré Microsoft Windows sing nggantèkaké Windows Vista.[2] Microsoft mbiwara yèn pangembangan Windows 7 bakal lumaku sajeroning telung taun. Vèrsi klien saka Windows 7 bakal dirilis sajeroning vèrsi 32-bit lan 64-bit sanajan vèrsi serveré (sing bakal nggantèkaké Windows Server 2008) bakal dirilis mung sajeroning vèrsi 64-bit, sing bakal dijenengi Windows Server 2008 R2. Komputer bakal ngandhani yèn dumadi owah-owahan ing komputer mau. Windows 7 diluncuraké tanggal 22 Oktober, 2009. Saben naraguna bakal éntuk perlindhungan 3 lapis yèn ana panyuwunan ngundhuh file saka sing ora ditepungi.

Sunyata Rikat Developer, Website ...
Remove ads

Spesifikasi piranti atos

Microsoft wis mublikasikaké spesifikasi kabutuhan minimum piranti atos kanggo Windows 7.

Katerangan liyané Arksitèktur, Kecepatan unit pangolah pusat ...

Prasyaratan tambahan supaya bisa migunakaké fitur tinentu:[3]

  • BitLocker merlokaké Trusted Platform Module (TPM) 1.2 lan mbutuhaké USB flash drive kanggo migunakaké BitLocker
  • Windows XP Mode merlokaké tambahan memori 1 GB, tambahan 15 GB cakram atos, lan Unit Pangolah Pusat sing njurung virtualisasi karo Intel VT utawa AMD-V
Remove ads

Pangadolan

Kunci kasuksèsan Windows 7 ya iku luwih narik akèh panuku suwéné mangsa diskoné. Kétung wiwit wulan Juni 2009 kapungkur, Windows 7 Home Premium wis sumadiya kanthi rega sing kajangkau banget ya iku watara 49 USD utawa watara 500 èwu rupiah waé, iki temtu luwih ngirit 70 USD utawa watara 700 èwu rupiah tinimbang rega pangadolan asliné ya iku 119 USD utawa watara 1,2 yuta rupiah. Éwadéné kanggo Windows 7 Professional didol kanthi rega 99 USD waé utawa watara 1 yuta rupiah, iki wujud setengah rega saka rega asliné. Saiki program mau wis kliwat. Nanging nganti detik iki pihak Amazon isih nawakaké Windows 7 kanthi rega sing luwih murah saka rega asli paluncurané mengko.

Remove ads

Réferènsi

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads