Wong Using

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Wong Using iku keturunan pangeran saka Majapahit sing ora gelem lumebu Islam rikala abad kaping 16. Cacah jiwa wong Using kurang luwih 400.000 jiwa sing urip ing Banyuwangi, Jawa Wétan. Basané migunakaké Basa Using.

Sunyata Rikat Gunggung cacah jiwa, Tlatah mawa cacah jiwa akèh ...
Remove ads

Agama

Biyèn, wong Using pancèn ora gelem lumebu Islam, nanging lakuné jaman agawé keturunané lumebu Islam. Ana uga sing isih tetep ngugemi agama Hindhu. Sawetara 2.000-3.000 jiwa ana sing lumebu agama Kristen.

Sajarah

Mula bukané wong Using saka abad ke-15-16 nalika Majapahit nemahi pralaya. Wong-wong Islam sing nguwasani Majapait agawé wong-wong mau pindhah menyang Banyuwangi, Bali, lan Lombok. Ing Banyuwangi, wong-wong mau nggabung karo wong Blambangan. Karajan Blambangan banjur dikalahaké déning Mataram ing taun 1743. Kalah ora banjur ngalah. Wong-wong Using lan Blambangan lagi lumebu Islam ing abad ke-19.

Remove ads

Uga delengen

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads