Zelda Sayre Fitzgerald
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Zelda Sayre Fitzgerald ya iku novèlis, pambeksa, citrakara, lan sosialite kang lair ing Montgomery, Alabama, Amérika Sarékat tanggal 24 Juli 1900.[1][2] Dhèwèké tilar donya ing Asheville, North Carolina, Amérika Sarékat tanggal 10 Maret 1948 nalika umur 47 taun. Zelda dadi bojoné Francis Scott Key Fitzgerald kang uga dadi panitra ing Amérika Sarékat.[3][4] Panitra kang duwé prakara gangguan psikologis iki dadi simbul saka Roaring Twenties, ya iku gegambaran wong wédok bébas kang diarani flapper.[5][6][7][8]
Remove ads
Cipta ripta
Nalika ing taun 1930, Zelda stres lan duwé gangguan psikologis amarga dhèwèké ora kasil dadi pamain balerina. Amarga prakara kuwi, wiwit sasi Juni 1930 nganti Sèptèmber 1931 dhèwèké mapan ing Klinik Les Rives de Prangins, Nyon, Switserlan.[9] Sawisé kuwi, nalika sasi Fèbruari 1932 dhèwèké lumebu Klinik Phipps ing Universitas Johns Hopkins.[10] Zelda ing kono ngrampungaké novèl kang diwènèhi sesirah "Save Me the Waltz".[11][12]
Remove ads
Uga delengen
- Albert Chinualumogo Achebe
- Amy Tan
- Anne Rice
- Jonathan Allen Lethem
- Xu Xi
Rujukan
Pranala jaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads