Zoetermeer
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Zoetermeer iku gemeente ing provinsi Zuid-Holland (Holland Kidul), Walanda. Zoetermeer iku jatiné kutha satelit Den Haag lan persis wewatesan karo kutha iki ing sisih kulon. Zoetermeer ambané 37,06 km² lan kang ndunungi ana 119.191 ing 1 November 2007.
Remove ads
Étimologi
Jeneng Zoetermeer iku ing basa Walanda tegesé "Tlaga Tawar" utawa "Tlaga Legi". Déning wong Zoetermeer dhéwé jeneng kutha iki kerep dipertal dadi Sweet Lake City ing basa Inggris dhedhasar Salt Lake City ing Nevada, Amérika Sarékat. Nanging jeneng iki dudu jeneng resmi.
Sajarah
Miturut panlitèn arkéologis, Zoetermeer ing dalan Dorpstraat (ing kutha tuwa) wis dimanggoni wong ing abad kaping 13. Sawijining balok kayu kang tinemu ing awal abad kaping 21 tibakné umuré wis kurang luwih 1000 taun.
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads