Ès krim
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ès krim iku panganan panutup beku, lumrahé kagawé saka susu, kaya ta susu lan krim, uga asring dibarengake karo woh-wohan utawa bahan lan rasa liyané. Ing sawatara jinis duwé kandhutan gula, sanajan sawatara jinis liyané kagawé kanthi nambahi legèn-legèn liyané. Kadhang-kadhang, perasa gawéyaan lan pawarna dianggo ing njaba, dudu kalebu bahan alami. Campuran saka bahan-bahan kang wis dipilih diudheg alon-alon nalika prosès ngadhemaké, supaya hawa bisa lumebu lan kanggo nyegah anané kristal ès gedhé saka prosès pambentukan. Asilé awujud semi-padhet utawa semi-cair kang wujudé lembut kaya "krim".
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani es krim. |
Tembung "ès krim" duwé teges kang béda-béda saka nagara siji lan sijiné. Kayadéné tembung "puding beku", "yoghurt beku", "sorbet", "gelato" lan liya-liyané kanggo membedakake jinis kang béda lan gaya. Ing pirang-pirang nagara, kaya déné Amérika Sarékat, tembung "ès krim" mung dianggo kanggo pirang-pirang spesifik, lan sapérangan gedhé pamaréntah ngatur anggoné nganggo komersial saka pirang-pirang tetembungan kang mathuk karo cacahé kang relatif saka bahan utama.[1] Ing nagara liya, kaya ta Italia lan Argentina, tembung siji dienggo kanggo kabèh jinis. Analog kang kagawé saka alternatif susu, kaya ta susu wedhus utawa susu domba, utawa pangganti susu, sumadya kanggo wong-wong kang intoleransi laktosa, alergi marang protéin susu, lan / utawa vegan.