RCTI utawa Rajawali Citra Televisi kuwe stasiun televisi swasta pertama nang Indonesia. RCTI pertama kali ngudara tanggal 13 November1988 lan diresmikena tanggal 24 Agustus1989 oleh Bimantara Citra lan Rajawali Corpora (Rajawali Wirabhakti Utama). Neng wektu semena siaran RCTI mung teyeng dideleng pelanggan sing duwe dekoder lan bayar iuran saben sasi.[1][2]
RCTI siki duwe ne Media Nusantara Citra (MNC) sejak 2003. Merga RCTI duwe ne MNC berarti RCTI seafiliasi karo stasiun televisi MNC liyane yakuwe, MNCTV, GTV, iNews. RCTI duwe slogan, yakuwe "Kebangaan Bersama Milik Bangsa", lan duwe tagline "RCTI Oke". Getul siki siaran free to air RCTI wis berskala nasional nang masing-masing kota nang Indonesia.