Sunyata Rikat Milénium:, Abad: ...
Milénium: |
Milénium ping 3 |
Abad: |
|
Dasawarsa: |
|
Taun: |
|
Tutup
Januari
Artikel baku: Januari 2014
Fèbruari
Artikel baku: Fèbruari 2014
- Fèbruari–lumangsung – Épidemi virus Ebola ing Afrika Kulon wiwit, lan nginfèksi punjul 21.000 jiwa saha matèni sakurang-kurangé 8.000 jiwa. Prastawa iki ya iku kang parah dhéwé bab cacahé wong kang kena infèksi lan kurban jiwa.[2][3]
- 7 Fèbruari-Olimpiade Mangsa Atis kaping XXII ing Sochi, Ruslan diwiwiti.[4][5]
- 13 Fèbruari – Bèlgi dadi nagara kapisan kang marengaké para pasièn kang lara tèrminal olèh nglakoni eutanasia sarta ora ana wates umuré.[6]
- 22 Fèbruari – Parlemèn Ukraina mutusaké kanggo nyopot Présidèn kapilih Viktor Yanukovych lan ngganti awaké karo Oleksandr Turchynov, sawisé gègèran lan horeg ngakibataké kurban jiwa 100 wong tiwas ing Kiev. Yanukovych nganggep iki sawijining kudéta.[7][8]
- 26 Fèbruari– lumangsung – Gègèr pro-Ruslan ing Ukraina marakaké Kriméa digabungaké marang Ruslan déning Fédérasi Ruslan lan sawijining pambalélan ing oblast-oblast Donyetsk lan Lugansk.
Maret
Artikel baku: Maret 2014
- 5 Maret – Nicolás Maduro, Présidèn Venezuela, medhot gayutan diplomatik lan pulitik Panama, accusing Panama of being involved in a conspiracy against the Venezuelan government.[9]
- 8 Maret – Malaysia Airlines Pamaburan 370, sawijining montor mabur Boeing 777 kang manuju Beijing saka Kuala Lumpur, ngilang sadhuwuring Teluk Thailand mawa 239 wong sajeroning pesawat. Dipastèkaké montor mabur iki tiba ing Samodra India.[10]
- 16 Maret – Réferèndum ngenani status Kriméa dianakaké.[11]
- 21 Maret – Ruslan resmi integrasi karo Kriméa sawusé Présidèn Vladimir Putin napakastani undhang-undhang mungkasi prosès panggabungan.[12]
- 24 Maret – Sajeroning patemon darurat, Britania Raya, Amérika Sarékat, Italia, Jerman, Prancis, Jepang, lan Kanadha nangguhaké kanggotané Ruslan saka G8.[13]
- 27 Maret – Sidhang Umum PBB nampa Résolusi 68/262, ngakoni manawa Kriméa iku péranganing Ukraina lan nganggep Réferèndum Kriméa 2014 ora absah.[14]
- 31 Maret – Mahkamah Internasional PBB nandhesaké manawa program pamburonan iwak paus Jepang ing Antarktika iku ora ngèlmiah nanging komersial. Mulané idin sapanjuré ora diwènèhaké manèh.[15][16]
April
Artikel baku: April 2014
- 10 April – Nanggepi Krisis Kriméa 2014, Déwan Majlis Parlemèn Éropa (Parlementiary Assembly of the Council of Europe utawa PACE) nampa résolusi kang mbedhal kanthi sementara haké mènèhi swara Ruslan; hak diwakili ing Kantor Majlis, Komité Presidentil PACE lan Panitya Kerja PACE sarta hak mèlu partisipasi ing misi-misi pangawasan Pemilu.[17]
- 14 April – Kurang luwih 276 kenya lan wong wadon enom diculik lan disandera saka sawijining sekolah ing Nigéria.[18]
- 16 April – Féri Koréa Kidul MV Sewo nggoling lan kelelep sawisé kargoné pindhah enggon, lan niwasaké 304 jiwa, akèhé bocah-bocah sekolah SMA.[19]
- 27 April – Gréja Katulik kanthi bebarengan nganonisasi Paus Yohanes XXIII lan Yohanes Paulus II.[20]
- 28 April – Sanksi ékonomi Présidèn AS Barack Obama kang anyar marang Ruslan wiwit dilakoni. Sing dituju ya iku perusahaan lan wong-wong kang cedhak karo Présidèn Ruslan Vladimir Putin.[21]
Mèi
Artikel baku: Mèi 2014
- 5 Mèi
- Organisasi Kaséhatan Donya WHO ngidèntifikasi panyebaran poliomyelitis ing sakurangé 10 nagara minangka kaanan darurat kaséhatan saindhenging donya.[22]
- Para militan Boko Karam matèni kurang luwih 300 wong ing wayah wengi nalika nyerang Gamboru Ngala.[23]
- 20 Mèi – Téroris ing Nigéria njlebugaké bom ing Jos lan matèni 118 jiwa.
- 22 Mèi – Angkatan Dharat Karajan Thai nggulingaké papréntahan sementara Niwatthamrong Boonsongpaisan sawisé gagal mungkasi masalah krisis pulitik Thailand.[24][25]
Juni
Artikel baku: Juni 2014
Juli
Artikel baku: Juli 2014
- 8 Juli–26 Agustus – Ing atarané kategangan antara Israèl lan Hamas sawisé kasus panyulikan telung bocah Israèl lan rajapati bocah Palèstina, Israèl nglakoni operasi Operation Protective Edge lan nyerang Lurung Gaza nganggo rudal-rudal. Bubar iku banjur Israèl nindakaké operasi dharat. Sajeroning 7 minggu, 2.100 Wong Palèstina lan and 71 Wong Israèl tiwas.
- 13 Juli-Jerman menangaké Piala Donya ing Brazil, ngalahaké Argentina 1-0.
- 17 Juli
- Sawisé gencatan sanjata limang jam déné perikamanungsan, Israèl konfirmasi bakal ngayahi ofènsif dharat ing Lurung Gaza.[27]
- Malaysia Airlines Pamaburan 17, sawijining Boeing 777, tiba ing Ukraina sisih wétan, kamungkinan amarga kena rudal. Panumpangé lan awak kapal kang cacahé 298 jiwa tiwas kabèh.[28]
- 21 Juli – Déwan Kamanan PBB nampa Résolusi 2166 ngenani olèhé MH 17 ditémbak lan tiba.[29]
- 24 Juli – Air Algérie Pamaburan 5017 tiba ing Mali, niwasaké 116 jiwa sajeroning montor mabur.[30]
Agustus
Artikel baku: Agustus 2014
- 7 Agustus pamimpin Khmer Abang Nuon Chea lan Khieu Samphan didakwa salah nglakoni kadurjanan marang kamanungsan, banjur divonis kukuman saumuré urip déning Mahkamah Khmer Abang.[31]
- 8 Agustus – Angkatan Udara AS miwiti serangan udara ing Irak lor kanggo mbendhung para militan ISIS.
September
Artikel baku: September 2014
- 22 September – Amérika Sarékat lan sawatara mitra Arab miwiti serangan udara ing Suriah.[32][33]
- 26 September – Pasemon. Sajagad Para Pamenang Bebungah Nobel Bedhamèn ing taun 2014 (World Summit of Nobel Peace Laureates), kang arep dianakaké ing Cape Town saka tanggal 13 nganti 15 Oktober, dipenggak déné boikoté para pamenang. Amerga pamaréntah Afrika Kidul wis ping telu nulak panyuwunan visa Dalai Lama kaping 14 déning Pamaréntah Afrika Kidul kang "nuruti karepé Républik Rakyat China".[34][34][35][36]
Oktober
Artikel baku: Oktober 2014
November
Artikel baku: November 2014
- 2 November – Intergovernmental Panel on Climate Change (IPCC utawa Panèl antarpamaréntah ngenani Pangowahan Iklim) ngrilis pérangan pungkasan Laporan Assessment Kaping Lima, lan ngélikaké manawa donya ngadhepi "karusakan parah, pervasif lan ora bisa dibalèkaké" Saka émisi global CO2.[39]
- 12 November – Wahana antariksa Philae saka Pesawat antariksa Rosetta bisa suksès ndharat ing Komit 67P. Prekara lagi sapisan kadadéan manawa ana wahana antariksa bisa ndharat sadhuwuring komit.[40]
Dhésèmber
Artikel baku: Dhésèmber 2014