![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/68/AncientKhmerScript.jpg/640px-AncientKhmerScript.jpg&w=640&q=50)
Aksara Khmer
From Wikipedia, the free encyclopedia
Aksara Khmer (cara Khmer: អក្សរខ្មែរ; API: [ʔaʔsɑː kʰmaːe])[2] yaiku aksara abugida minangka sarana nulis basa Khmer (basa resmi ing nagara Kamboja). Aksara iki uga kanggo nulis basa Pali ing pangibadahan agama Buda ing nagara Kamboja lan Thailand.
Khmer | |
---|---|
![]() | |
Jinis | |
Basa | Khmer |
Kala | u. 611–saiki[1] |
Aksara babon | |
Aksara turunan | Thai Lao |
Aksara sadulur | Mon Kawi |
Arah nulis | Kiwa manengen |
ISO 15924 | Khmr, 355 |
Jeneng Unicode | Khmer |
Larik Unicode |
|
Aksara Khmer turun saka aksara Pallawa, owah-owahaning aksara Grantha sing turun saka aksara Brahmi, sing rikala abad kaping 5 lan 6 M sumrambah ana ing Indhia bang kidul lan Asiah Kidul-Wétan.[3] Prasasti tuwa dhéwé ing aksara Khmer ditemu ing Dhistrik Angkor Boréi, Provinsi Takéo ana sakidulé Phnom Penh, kanthi sengkala taun 611.[4] Aksara Khmer modhèren utawa anyar ana bédané saka aksara-aksara sadurungé kaya sing tinulis ing prasasti sing mapan ing tilasé Angkor. Aksara Thai lan Lao uga kalebu ing turunané aksara Khmer Kuna.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/68/AncientKhmerScript.jpg/640px-AncientKhmerScript.jpg)
Aksara Khmer ditulis saka kiwa manengen. Tetembungan sajeroning ukara adat sabené ditulis sastra lampah antarané tembung siji lan liyané. Wyanjana tumpuk ing sajeroning tembung "ditumpuk", kanthi wyanjana kapindho lan sabanjuré ditulis sarana ngowahi rupa hurupé. Biyèn aksara iki cacahé 35 hurup wyanjana, nanging aksara Khmer modhèren mung nganggo 33 hurup. Saben-saben hurup makili uni wyanjana lan uni swara gawan – kang uniné â utawa ô.
Ana sawenèh hurup swara, nanging uni swara luwih umum ditulis sarana sandhangan ing sandhuwuré, sangisoré, utawa sakiwatengené wyanjana.