From Wikipedia, the free encyclopedia
Antonin Gregory Scalia (lair: 11 Maret 1936, tutup yuswa: 13 Pèbruwari 2016) iku sawijining pokrul, ahli ukum, pejabat pamaréntah, lan akadhemisi saka Amérika Sarékat. Panjenengané mengku jabatan minangka Hakim Mahkamah Agung Amérika Sarékat wiwit taun 1986 nganti tutup yuswané ing taun 2016. Panjenengané misuwur minangka pakar kang nyèlèhaké dhasar-dhasar prenahé orisinalis lan tèkstualis ing suwiwi konservatif Mahkamah. Amrih ngrikataké gerakan orisinalis lan tèkstualis sajroning ukum ing Amérika, mula panjenengané misuwur minangka juru ukum kang wigati ing abad ka-20. Tundhoné Scalia kanugrahan Presidential Medal of Freedom ing taun 2018.
Antonin Scalia | |
---|---|
Hakim Agung ing Mahkamah Agung Amérika Sarékat | |
Linggih 26 Sèptèmber 1986 – 13 Fèbruwari 2016 | |
Dicalonaké | Ronald Reagan |
Kang sadurungé | William Rehnquist |
Kang sawisé | Neil Gorsuch |
Hakim ing Pangadilan Bandhing Amérika Sarékat ing Dhistrik Columbia | |
Linggih 17 Agustus 1982 – 26 Sèptèmber 1986 | |
Dicalonaké | Ronald Reagan |
Kang sadurungé | Roger Robb |
Kang sawisé | David Sentelle |
Asistèn Jeksa Agung Amérika Sarékat ing Kantor Panasékat Hukum | |
Linggih 22 Agustus 1974 – 20 Januwari 1977 | |
Présidhèn | Gerald Ford |
Kang sadurungé | Roger C. Cramton |
Kang sawisé | John Harmon |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Antonin Gregory Scalia 11 Maret 1936 Trenton, New Jersey, A.S. |
Pati | Fèbruari 13, 2016 79) Shafter, Texas, A.S. | (umur
Sisihan | Maureen McCarthy (o. 1960) |
Anak | 9 (including Eugene) |
Wiyata | Georgetown University (BA) Harvard University (LLB) |
Pangaji | Presidential Medal of Freedom (2018) |
Tandha tangan |
Scalia lair tanggal 11 Maret 1936 ing Trenton, New Jersey.[1] Bapaké kang asma Salvatore Eugene Scalia (1903-1986) iku sawijining imigran Itali asal saka Sommatino, Sisilia. Bapaké iku lulus saka Rutgers University, nuli panjenengané dadi mahasiswa pascasarjana ing University of Columbia lan dadi pegawé nalika lairé anak sepisanané.[2] Salvatore Scalia nuli bakalé dadi profésor basa Roman ing Brooklyn College, ya iku sawijining papan kang ndadèaké pribadiné dadi pangenut téori sastra formalis.[3] Ibuné Antonin Scalia kang asma Catherine Louise (née Panaro) Scalia (1905-1985) lair ing Trenton saka wong tuwa imigran Itali lan panjenengané makarya minangka guru ing sekolah dhasar.[2][4]
Ing tanggal 10 Sèptèmber 1960, Scalia krama karo Maureen McCarthy ing gréja St. Pius X ing Yarmouth, Massachusetts.[5] Karoné pethukan nalika kencan ing Harvard Law School. Maureen nalika iku isih mahasiswa sarjana ing Radcliffe College, déné dhèwèké iku nuli antuk gelar jroning basa Inggris.[2]
Scalias nuli nduwèni anak cacah sanga, ya iku lanang cacah lima lan wadon cacah papat.[2] Anaké sing lanang cacah loro ya iku Eugene Scalia lan John Scalia dadi pokrul[6], nuli Eugene dadi Sekretaris Buruh sajroning administrasiné Trump.[7] Paul Scalia dadi pandhita Katulik, Matthew Scalia lumebu ing karir militèr, lan Christopher Scalia dadi panulis. Déné anak wadoné Scalia kang cacah papat - Catherine, Ann, Margaret, lan Mary - omah-omah lan nduwèni kulawarga. Miturut Scalia, Maureen nggedhèkaké anaké kang cacah sanga iku "kalawan sethithik campur tanganku (anggoné ngopèni anak)".[6] Kulawargané manggon ing McLean, Virginia, prenahé ing pinggirané Washington D.C.[2]
Scalia uga nyambung kekancan karo Hakim Agung Ruth Bader Ginsburg, kang misuwur minangka anggota sewiwi liberal pangadilan. Karoné tau nekani opera kanthi bebarengan lan uga katon bebarengan ing dhuwur panggung minangka supernumerary ana sajroning prodhuksi Ariadne auf Naxos ing Opera Nasional Washington taun 1994.[2] Ginsburg uga mitrané Scalia ing D.C. Circuit. Scalias lan Ginsburg uga dhahar bebarengan saben Malem Warsa Énggal.[2]
Scalia iku uga tukang beburu kang prigel.[8] Panjenengané tau ngajari Justice Elena Kagan carané beburu,[9] déné karoné iku beburon bèbèk, manuk, rusa, lan kidang.[10]
Panjenegané iku sawijining pangenut agama Katulik kang taat, mula panjenengané kuliah nuli nampa gelar sarjana ing University of Georgetown. Panjenengané nuli nampa gelar hukum saka Harvard Law School lan sasuwéné nem taun ing firma hukum Cleveland, banjur dadi profésor hukum ing University of Virginia. Ing wiwitané taun 1970-an, panjenengané ngayahi wajib ing pamaréntahané Nixon lan Ford kang tundhoné dadi Asistèn Jeksa. Sapérangan gedhé wektuné dipigunakaké kanggo mulang ing University of Chicago, déné panjenengané iku minangka salah sawijining panasékat fakultas kapisan saka Federalist Society kang isih enom. Ing taun 1982, Présidhèn Ronald Reagan ngangkat Scalia minangka hakim ing Pangadilan Bandhing Dhistrik Columbia. Ing taun 1986, panjenengané diangkat déning Reagan menyang Mahkamah Agung.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.