Itali

nagara ing Eropa Kidul From Wikipedia, the free encyclopedia

Itali
Remove ads

Itali resminé Républik Itali (basa Italia: Repubblica Italiana) iku nagara ing Bawana Éropa lan pulo gedhé loro ing Sagara Tengah, yaiku Sisili lan Sardinia. Kang ndunungi cacahé kira-kira ana wong 60 yuta. Kutha krajané iku Roma. Itali wewatesan ing sisih lor karo Pagunungan Alpen, sarta duwé tapel wates karo nagara-nagara Prancis, Switserlan, Ostenrik, lan Slovénia. Nagara mardhika San Marino lan Kutha Vatikan iku minangka enclave ing sajeroning Ujung Italia, déné Campione d'Italia minangka siji exclave Itali ing nagara Switserlan.

Sunyata Rikat Repubblica Italiana, Kuthagaralan Kutha paling gedhé ...

Itali dadi papan tumrap manéka kabudayan Éropa, kaya déné kabudayan Ètruska lan Rum, lan uga panggonan lairing obahan Renaissance, kang diwiwiti ing Toscano lan sumebar ing saindenging Éropa. Kutha krajan Itali aran Rum tau dadi punjering kabudayan Kulonan lan punjering Gréja Katulik.

Dina iki, Itali minangka nagara républik dhémokratik, lan nagara maju mawa GDP urut 7 ing sadonya, urut 8 ing Indhèks Mutu Urip,[1] lan urut 20 ing sadonya bab Indhèks Yasaning Manungsa. Itali uga minangka salah siji pangadeg Uni Éropa (kang nandha tangani prajanjèn Treaty of Rome ing taun 1957), lan uga minangka warganing nagara G8, Paheman Éropa, Uni Éropa Kulon, lan Inisiatif Éropa Tengah. Wiwit tanggal 1 Januari 2007, Itali dadi warganing Paheman Kamanan PBB kang ora panggah.

Remove ads

Laladan

Itali dipérang dadi 20 laladan (akèh: regioni, tunggal: regione); lima ing antarané ndarbèni setatus otonomi mirunggan, tinengeran*:

Kabèh laladan, saliyané Valle d'Aosta, dipérang manèh dadi provinsi cacah loro utawa luwih.

Kutha gedhé

Thumb
Roma.

Kutha-kutha ing Itali mawa cacah kang ndunungi 300,000 jiwa utawa luwih (data ISTAT, Dhésèmber 2006):

Katerangan liyané Pos., Common ...
Thumb
Milan.
Remove ads

Laladan métropilis

Miturut OECD[2], laladan métropilis baku ing Itali ana:

Katerangan liyané Laladan métropolis, Kang ndunungi ...

Réferènsi

Uga delengen

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads