From Wikipedia, the free encyclopedia
Barnabas iku salah siji anggota jemaat awal ing Yerusalem.[2][3] Jeneng asliné ya iku Yusuf.[3] Panjenengané diundang Barnabas déning para rasul.[2] Teges Barnabas ya iku "anak panglipur".[3] Barnabas iku wong Yahudi saka keturunan suku Lewi sing asalé saka Siprus.[3] Barnabas pisanan ketemu karo Paulus nalika Paulus teka ing Yerusalem lan Barnabas sing banjur nepungaké Paulus marang para rasul (Kis9:27).[2] Bebarengan karo Paulus, Barnabas diutus déning jemaat ing Antiokhia kanggo martakaké Injil marang wong-wong dudu Yahudi.[2] Banjur Yohanes sing diarani Markus mèlu nggabung bebarengan karo Paulus lan Barnabas kanggo martakaké Injil menyang Siprus.[2] Woh saka pamartan Injil ing Sipris ya iku martobaté Gubernur pulo iku ya iku Sergius Paulus.[2] Bernabas terus mèlu Paulus nerusaké lelaku kanggo martakaké Injil menyang Pisidia, Ikonium, Listra lan Derbe nganti bali menyang Antiokhia.[2] Nalika panjenengané ana ing Listra, akèh wong nganggep panjenengané minangka Zeus.[3] Ing Antiokhia, Barnabas bebarengan Paulus ngadhepi keributan sing dumadi sajeroning jemaat ngenani supit.[2] Ana sing nélakaké yèn wong sing dadi Kristen kudu disupit.[2] Barnabas lan Paulus nolak penemu iku.[2] Barnabas kalibat sajeroning paslisihan karo Paulus nalika kaloroné arep ngakoni lelaku Pamartan Injil kanggo kaping loroné.[2] Barnabas kukuh péngin nggawa Yohanes sing diarani Markus nanging Paulus nolak kanthi alasan Markus wis ora setya.[2] Akiré kaloroné pisah. Paulus lunga bareng Silas sauntara Barnabas mangkat menyang Siprus bareng Markus (Kis 15:35-41).[2] Sanajan mangkono, Barnabas tetep kekancan becik karo Paulus (Galatia 2:9; 2 Timotius 4:11).[2]
Santo Barnabas | |
---|---|
Ikon Santo Barnabas | |
Rasul menyang Antiokhia lan Siprus | |
Miyos | ora dikawruhi, Siprus |
Tilar donya | 61 AD, Salamis, Siprus |
Dipun urmati ing | Gréja Katulik Roma, Gréja Ortodoks Wétan, Gréja Ortodoks Oriental, Komuni Anglikan, Gréja Lutheran |
Kanonisasi | Pra-Kongregasi |
Papan ziarah utama | Biara St Barnabas ing Famagusta, Siprus[1] |
Dinten pèngetan | 11 Juni |
Atribut | Petugas ziarah; ranting zaitun; nyekel Injil Santo Mateus |
Pangreksa | Siprus, Antiokhia, ngalawan badai ès, diundang minangka juru katentreman |
Portal Santo |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.