From Wikipedia, the free encyclopedia
Henri-Louis Bergson (lair ing Paris, Prancis, 18 Oktober 1859 – pati ing Paris, Prancis, 4 Januari 1941 ing umur 81 taun) inggih punika filsuf Prancis ingkang gadhah prabawa ageng dhumateng tarutama nalika awal abad kaping 20. Piyambakipun lair saking ibu ingkang kebangsaanipun Inggris kaliyan bapa kang asalipun saking Yahudi Polen. Nalika mas produktifipun, Henri nelasaken wekdal dados dhosèn filsafat kaliyan dados penulis. Bergson naté angsal bebungah nobel babagan sastra nalika taun 1927.
Henri-Louis Bergson | |
---|---|
Lair | Paris, Prancis | 18 Oktober 1859
Pati | Januari 4, 1941 81) Paris, Prancis | (umur
Kala | 20th century philosophy |
Tlatah | Western Philosophy |
Aliran | Continental philosophy Penghargaan Nobel dalam Sastra 1927 |
Karsa pokok | Metaphysics, Epistemology, philosophy of language, philosophy of mathematics |
Gantha misuwur | Duration, Intuition, Élan Vital, Open Society |
Maribawani
| |
Pinaribawan
|
Wonten ngandhap mepunika tuladha kasil karya sastranipun:
Pamanggihan Bergson wiwit geser maring paham religius nalika taun akir kauripanipun. Piyambakipun nggabung kaliyan Gréja Katulik Roma boten lami sadèrèngipun séda. Amargi punika, babagan punika sangaja ditunda sarta dirahasiakaké, amarga piyambakipun boten kersa katingal ngianati bangsa Yahudi, nalika Prancis taksih wonten ing kapendudukan Jerman.
Bergson pitados manawi manungsa kedah dipunjlentrehaken pisanan mepunika babagan kerangka prosès evolutif. Miturut Bergson, pungsi indra dhumateng makluk urip awit pisanan punika sanès kanggé maringi gambaran-gambaran saking telatahipun, nanging kanggé merangsang reaksi-reaksi kanggé mempertahanaké kauripan. Mula-mula organ sensoris, lajeng sistem saraf pusat, lajeng akal budhi. Punika tumuwuh nganti abad-abad laminipun dados mekanisme pertahanan urip organisme ingkang dipunjangkepi kaliyan perilaku.
Indra punika boten ngatonaké gambar objektif saking lingkungan. Nanging, pesan tartemtu saking Gusti ingkang ndamel kita petingkah tinamtu ugi. Pamahaman kita babagan lingkungan boten saged satiti foto. Pamahaman kita iku selektif banget, sok pragmatis sarta terarah dhumateng kapentingané awaké dhèwé.
Artikel biografi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.