Jürgen Klopp
From Wikipedia, the free encyclopedia
Jürgen Norbert Klopp (pangucap cara Jerman: [ˈjʏɐ̯ɡn̩ ˈklɔp] ( rungokaké); miyos tanggal 16 Juni 1967) inggih punika satunggaling manajer bal-balan saking negri Jerman lan tilas juru main bal-balan profésional ingkang samenika dados manajer utawi pelatih tim Liverpool F.C. ing Liga Primer Inggris.[1] Klopp nelasaken sapérangan ageng kariripun ing klub bal-balan Mainz 05 dangunipun ngantos 15 taun.[2] Klopp ugi dados manajer ing tim Mainz 05 saking taun 2001 ngantos dumugi 2008, wekdal punika klub Mainz 05 kasil nggayuh promosi ing Bundesliga.[2] Wekdal taun 2008, Klopp ndherek gabung klub Borussia Dortmund, lan kasil nggayuh kamenangan Bundesliga taun 2011 lan 2012, sarta DFB-Pokal ing taun 2012, DFL-Supercup ing taun 2013 lan 2014, lan mlebet final wonten UEFA Champions Final Liga pada 2013.[2] Klopp ugi menang dados manajer bal-balan ingkang saé piyambak Jerman ing taun 2011 lan 2012[3], saderengipun nilaraken Dortmund ing taun 2015.[4] Klopp nglatih Dortmund wiwit taun 2008.[5] Klopp sampun mandhegani 309 pertandhingan Dortmund kanthi prosentase kamenangan ngantos 56,63 persen.[5] Klopp dados manajer Liverpool ing wulan Oktober 2015, lan kasil mbekta Liverpool dumugi final Piala Liga lan UEFA Europa League ing mangsa wiwitan nglatih.[2]
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Jürgen Norbert Klopp | ||
Tanggal lair | (1967-06-16) 16 Juni 1967 (umur 56) | ||
Papan lair | Stuttgart, Jerman Barat | ||
Dhuwur | 1.94 m (6 ft 4 1⁄2 in) | ||
Posisi main |
| ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Liverpool (manajer) | ||
Karir nom | |||
1975–1983 | SV Glatten | ||
1983–1989 | TuS Ergenzingen | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
1987 | 1. FC Pforzheim | 4 | (0) |
1987–1988 | Eintracht Frankfurt II | ||
1988–1989 | Viktoria Sindlingen | ||
1989–1990 | Rot-Weiss Frankfurt | ||
1990–2001 | Mainz 05 | 337 | (52) |
Tim dikemunah | |||
2001–2008 | Mainz 05 | ||
2008–15 | Borussia Dortmund | ||
2015-samenika | Liverpool | ||
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi. |