From Wikipedia, the free encyclopedia
Lee DeForest (lair 26 Agustus 1873 – pati 30 Juni 1961 ing umur 87 taun) ya iku sawijining ahli fisika saka Amérikah Sarékat kang kasil naggone nemu triode utawa tabung audion ing taun 1906.[1]
Dhèwèké minangka salah salah sawijining wong kang duwé jasa ing pangrembakane teknologi radio saliyané Marconi.[1] Dhèwèké kerep diarani bapak radio, simbah telepisi, dhoktor fisika, lan wis kasil anggoné nyipta 300 panemon.[1]
Triode utawa tabung audion ya iku sawijining piranti wigati kang akèh digunakaké ing radio,telepon, radar, telepisi, lan komputer.[1] Ing taun 1912, De Forest nemu yèn triode utawa tabung audion bisa digunakaké minangka penguat sinyal listrik lan pembangkit osilasi.[2] Nalika iku triode kerep digunakaké ing pirang-pirang piranti komunikasi, nanging kawit taun 1947 triode diganti déning teknologi transistor[3]. Sanajan teknologi triode kang diciptake diganti karo tèknologi liyané, nanging De Forest tetep dianggep tokoh paling misuwur ing babagan elektronik.[4]
De forest lair saka kulawarga pendeta. Bapake minangka pendeta fanatik kang kepéngin De Forest dadi pendeta kaya dhèwèké.[4] Nalika umur 6 taun, dhèwèké karo kulawargané ngalih ana ing Alabama.[4] Minangka sawijining pendeta kang apik, kulawarga De Forest tansah mbela kaum kang luwih sengsara.[4] Bapake De Forest ngadegaké sekolah kanggo wong-wong négro sanajan éntuk tentangan gedhé saka wong-wong kulit putih.[4]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.