From Wikipedia, the free encyclopedia
Michel Armand Vorm (Pocapan ing basa Walanda: [ˈmiʃɛl ˈvɔrm]; lair 20 Oktober 1983) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profèsional saking Walanda ingkang main ing posisi kiper ing Liga Primér Inggris kanggé klub Tottenham Hotspur lan Tim Nasional Bal-balan Walanda.[3] Vorm miwiti karir profèsionalipun ing tim FC Utrecht ing taun 2005, nelasaken mangsa kapisananipun kanthi status dipunampil déning klub FC Den Bosch.[4] Piyambakipun dipuntransfer dhateng Swansea City ing taun 2011, main tigang mangsa ing Liga Utama lan menangaken final Piala Liga 2013.[4] Vorm nggabung kaliyan Tottenham kanthi regi transfer 3,5 yuta éuro ing taun 2014.[4]
Vorm ing taun 2007 | |||||||||||||||||||
Katerangan priangga | |||||||||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Jeneng dawa | Michel Armand Vorm[1] | ||||||||||||||||||
Tanggal lair | 20 Oktober 1983 | ||||||||||||||||||
Papan lair | IJsselstein, Walanda | ||||||||||||||||||
Dhuwur | 1.84 m (6 ft 0 in)[2] | ||||||||||||||||||
Posisi main | Goalkeeper | ||||||||||||||||||
Katerangan klub | |||||||||||||||||||
Tim saiki | Tottenham Hotspur | ||||||||||||||||||
Angka | 13 | ||||||||||||||||||
Karir nom | |||||||||||||||||||
JSV Nieuwegein | |||||||||||||||||||
Karir sénior* | |||||||||||||||||||
Taun | Tim | Main | (Gul) | ||||||||||||||||
2005–2011 | Utrecht | 136 | (0) | ||||||||||||||||
2005–2006 | → Den Bosch (loan) | 35 | (0) | ||||||||||||||||
2011–2014 | Swansea City | 89 | (0) | ||||||||||||||||
2014– | Tottenham Hotspur | 10 | (0) | ||||||||||||||||
Tim nasional‡ | |||||||||||||||||||
2008– | Walanda | 15 | (0) | ||||||||||||||||
Pangaji
| |||||||||||||||||||
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 5 April 2017. |
Vorm mlebet Tim Nasional Bal-balan Walanda wiwit taun 2009, Vorm dipunlebetaken dhateng skuad Walanda kanggé kalih pertandhingan Piala Donya, Euro 2012, minangka cadhangan ing tigang turnamèn wau.[4]
Lair ing IJsselstein ibu saking walanda lan bapak saking Suriname,[5] Vorm miwiti karir ing FC Utrecht. Kanggé nambah pangalaman, Vorm nelasaken mangsa 2005-2006 kanthi status ampilan FC Den Bosch. Piyambakipun miwiti debut tanggal 12 Agustus 2005 mengsah FC Emmen, nindakaken 35 pertandhingan ing mangsa kapisan.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.