From Wikipedia, the free encyclopedia
Niš (basa Serbia: Ниш / Niš, IPA: [niːʃ], rungokna (pitulung·info)) iku kutha ing Serbia dumunung ing koordinat 43.3° N 21.9° E, ana ing pinggir Kali Nišava. Kanthi sing ndunungi kang cacahé 260,237[2] jiwa kutha iki minangka kutha gedhé dhéwé ing Serbia Kidul lan kutha gedhé dhéwé nomer telu ing Serbia sawisé Beograd lan Novi Sad. Jembaré kutha iki watara 597 km2, kalebu kutha Niš dhéwé, Niška Banja spa lan 68 tlatah pinggiran (suburb). ''Niš Constantine the Great Airport'' (Аеродром Константин Велики) ing minangka papan anggegana international ing Niš kanthi kodhe tujuan INI. Niš dadi pusat adminidtrasi ing Distrik Nišava ing Serbia. Dumunung ing simpang dalan antarané Balkan lan dalan-dalan gedhé Éropa, nyambungaké Asia Minor menyang Éropa, Niš dadi salah siji kutha kang tuwa dhéwé ing Balkan, lan wis wiwit jaman kuna dianggep gapura antara Wétan lan Kulon. Niš dadi papan panggonan Greja Serbia kang tuwa dhéwé yaiku saka abad angka 4 kang dumunung ing laladan pinggiran Mediana . Niš uga kawentar minangka panggonan kelairan Konstantin kang Agung, Kaisar Romawi Kristen kapisan lan kang ngadegaké Konstantinopel . Kutha iki uga dadi panggonan klairané loro kaisar Romawi liyané, yaiku Constantius III lan Justin I.
Kutha Niš Град Ниш |
|||
|
|||
Lokasi Niš ing Serbia | |||
Coordinates: 43°18′N 21°54′E | |||
---|---|---|---|
Nagara | Serbia | ||
Distrik | Nišava | ||
Munisipalitas | 5 | ||
Government | |||
- Walikutha | Smiljko Kostić (NS) | ||
- Parté kuwasa | DSS/G17+/NS/SPO/SPS | ||
Jembar wewengkon | |||
- Total | 597 km² (230,5 sq mi) | ||
Populasi (2002)[1] | |||
- Total | 260 237[2] | ||
- Kapadhetan | 420/km² (1.087,8/sq mi) | ||
Zona wektu | CET (UTC+1) | ||
- Summer (DST) | CEST (UTC0) | ||
Kodhe pos | 18000 | ||
Area code(s) | (+381) 18 | ||
Plat montor | NI | ||
Website: City of Niš |
Niš iku pusat universitas. Ana watara 30,000 mahasiswa ing Universitas Niš, kang duwèni 13 facultas. Niš uga salah siji pusat indhustri kang wigati ing Serbia, pusat indhustri èlèktronika (delengen Elektronska Industrija Niš), indhustri mesin mekanikal, tekstil lan tembako.
Niš dumunung ing koordinat 43°19' lintang lor lan 21°54' bujur wétan, ing lembah Nišava, cedhak papan patemon kali Južna Morava. Ing kutha Niš iki, dalan gedhé saka sisih lor menyang lembah Kali Morava kapecah dadi loro:-arah mangidul, tumuju kutha Thessalonica lan Atena,-lan arah mangétan, tumuju menyang Sofia lan Istambul, lan luwih adoh manèh tumuju menyang tlatah "Wétan Cedhak" (Near East). Tlatah tengah kutha dumunung ana ing elevasi 194m sakdhuwuré sagara. Titik kang paling dhuwur yaiku ing Sokolov kamen (Falcon's rock) ing Gunung Suva Planina (1523m), déné tlatah kang paling cendhèk yaiku ing Trupale, cedhak sungapan Kali Nišava (173m). Jembar wewengkon kutha yaiku 596.71 km².
Iklim ing tlatah Niš iku wujud iklim sedhengan moderate lan continental, kanthi rata-rata suhu 11.2 °C. Sasi Juli minangka sasi kang paling anget sajeroning sataun, kanthi suhu rata-rata 21.2 °C. Sasi kang paling anyep yaiku sasi Januari, kanthi suhu rata-rata 0.2 °C. Rata-rata curah udan taunan yaiku 567.25 mm/m². The rata-rata barometer 992.74 mb. Ana 123 dina kang mawa udan lan 43 dina mawa salju. Rata-rata kacepetan angin sangisoré 3 Beaufort.
Telu kaisar Romawi lair ing kutha iki:
()*-populasi mitururt tapel wates kutha saiki.
Isih ana sawatara pasulayan bab cacahé populasi, awit éwon pangungsi Kosovo kang kanthi resmi dudu sing ndunungi kutha iki, nanging manggon ing kana karo kaluwargané.
Golongan ètnik ing tlatah Munisipal (Sensus 2002) | |||||||||||||
Golongan ètnis | Populasi | ||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Serbs | 235,657 | ||||||||||||
Roma | 5,687 | ||||||||||||
Montenegrins | 846 | ||||||||||||
Bulgarians | 799 | ||||||||||||
Macedonians | 715 | ||||||||||||
Yugoslavs | 664 | ||||||||||||
Croats | 417 | ||||||||||||
Others | 5,733 | ||||||||||||
TOTAL | 250,518 | ||||||||||||
Golongan ètnik ing tlatah kutha (Sensus 2002) | |||||||||||||
Golongan ètnis | Populasi | ||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Serbs | 162,380 | ||||||||||||
Roma | 4,461 | ||||||||||||
Montenegrins | 747 | ||||||||||||
Bulgarians | 679 | ||||||||||||
Macedonians | 715 | ||||||||||||
Yugoslavs | 601 | ||||||||||||
Croats | 379 | ||||||||||||
Others | 3,872 | ||||||||||||
TOTAL | 173,724 | ||||||||||||
Niš minangka kutha administratif, indhustri, komersial, kauangan lan pusat budaya ing pérangan kidul-wétan Republik Serbia. Posisi Niš wigati amarga dumunung ana ing simpang dalan saka Éropa lan jaringan rèl sepur kang ngubungaké Éropa karo Asia. Niš gampang ditekani, kanthi anané papan anggegana-Konstantin kang Agung.
Wangunan ing Niš terus dibangun. Niš iku kutha gedhé dhéwé nomer loro sawisé Beograd yèn disawang saka anané gedhong dhuwur. Hotèl Ambasador minangka gedhong kang gedhé dhéwé ing Serbia nanging uga ana gedhong gedhé liyané kaya déné TV5.
kutha Niš dumadi saka lima munisipalitas:
Papat kang pisanan dumunung ing tlatah kutha Niš, déné Niška Banja ing tlatah pinggiran. Sadurungé taun 2002, kutha Niš mung duwé loro munisipalitia, yaiku "Niš" lan "Niška Banja".
Munisipalitas Niš kalebu pamukiman-pamukiman:
Medijana | Palilula | Pasisirlej | Crveni Krst | Niška Banja |
---|---|---|---|---|
Center | Palilula | Pasisirlej | Crveni Krst | Niška Banja |
Marger | Staro Groblje | Jagodin Mala (partly) | Beograd Mala | nas. Nikola Tesla (broj 6) |
Trg Kralja Aleksandra | Crni Put | Durlan | Jagodin Mala (partly) | Jelašnica |
Kičevo | Bubanj | Komren (partly) | Komren (mostly) | Sićevo |
Čair | Ledena Stena | Čalije | Šljaka | Ostrovica |
Bulevar Nemanjica | Delijski Vis | Somborska | Medosevac | Prva Kutina |
Bulevar Djindjica | Apelovac | Vrežina | Radikina Bara | |
Medijana | Kovanluk | Prosek | ||
Trošarina | Tutunović Podrum | Čukljenik | ||
Duvanište | Kalač Brdo | Donja i gornja Studena | ||
Brzi Brod |
Niš duwé kerjasama kutha kembar karo:
Other forms of cooperation and city friendship similar to the twin city programmes: |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.