From Wikipedia, the free encyclopedia
Pakistan International Airlines Corporation (Basa Urdu: پاکستان بین الاقوامی ایئر لائنز), langkung misuwur kanthi cekakan PIA, inggih punika maskapé pamiberan nasional Pakistan.[2] Papan Anggegana ingkang utami inggih punika Papan Anggegana Internasional Jinnah ing Karachi, Papan Anggegana Internasional Allama Iqbal ing Lahoré, lan Papan Anggegana Internasional Islamabad ing Islamabad /Rawalpindi.[2] PIA kalebet maskapé bintang tiga (kanthi kinerja ingkang saé) déning Skytrax, satunggalipun organisasi resmi ingkang neliti lan mbiji kualitas maskapé lan papan anggegana.[3]
Pakistan International Airlines پاکستان انٹرنیشنل ایئر لائنز | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
| |||||||
Didegaké | 1946 (sebagai Orient Airways) | ||||||
Hub | Papan Anggegana Internasional Jinnah
(Karachi) | ||||||
Hub sekunder |
(Lahore)
| ||||||
Kutha fokus |
| ||||||
Program frequent flyer | PIA Awards Plus+ | ||||||
Anak perusahaan |
| ||||||
Ukuran armada | 40 | ||||||
Kutha tujuan | 60 incl.cargo | ||||||
Perusahaan induk | Pamaréntah Pakistan (Kamentrian Pertahanan Pakistan) | ||||||
Slogan perusahaan | "Great People to Fly With"
"Come Fly With Us" | ||||||
Kantor pusat | [[Papan Anggegana Internasional | ||||||
Wong wigati |
| ||||||
Situs web | www.piac.com.pk |
Pakistan International Airlines sampun wonten wiwit Pakistan déréng dados nagari.[4] Ing taun 1946, Muhammad Ali Jinnah gadhah pamanggih bab awratipun gadhah jaringan maskapé penerbangan ing usaha damel madheging nagari.[4] Panjenenganipun lajeng nyuwun pambiyantunipun Mirza Ahmad Ispahani, tiyang industrialis ingkang sampun pengalaman.[4]
Nalika tanggal 23 Oktober 1946, Orient Airways dipundamel kanthi punjeripun ing Kalkuta.[4] Maskapé punika miwiti layanan miber ing wulan Juni 1947 kanthi rute Sittwe lan Rangon, kanthi montor miber Douglas DC-3.[4] Kalih wulan salajengipun, nagari Pakistan jumeneng, lan punjeripun dipun-gantos saking Kalkuta dipun-gantos dados ing Karachi.[4] Nalika 11 Maret 1955, Orient Airways ndhérék nggabung kaliyan paskapai pamiberan ingkang sampun dipunrencanakaken déning pamaréntah lan salajengipun dados Pakistan International Airlines Corporation.[4]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.