![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f9/%25D8%25A7%25D9%2584%25D9%2584%25DB%2581_%25DA%25A9%25D8%25A7_%25D9%2586%25D8%25A7%25D9%2585.jpg/640px-%25D8%25A7%25D9%2584%25D9%2584%25DB%2581_%25DA%25A9%25D8%25A7_%25D9%2586%25D8%25A7%25D9%2585.jpg&w=640&q=50)
Salafiyah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Salafiyah utawi Salafy inggih punika salah satunggalipun ilèn wonten ing agami Islam ingkang mbekta utawi ngajaraken saréngat Islam ingkang murni boten mawi tambahan lan pangirangan, dhedhasar saréngat utawi ngèlmu kang bangsa agami Islam kados ingkang wonten nalika generasinipun Muhammad lan para kanca-kancanipun, sasampunipun kanca-kancanipun (tabi'it), lan tiyang-tiyang sasampunipun (tabi'in).[1] Aliran punika wiwitanipun dipunajaraken déning Muhammad bin Abdul Wahhab. Golongan punika asring sinebat Wahabi, ingkang dipunnisbataken dhateng pangarsaning ilèn punika.
Sunyata Rikat
|
Tutup
Pokok utawi intinipun Salafiyah, inggih punika:
- Tansah ngugemi Kuran lan As Sunat kanthi pamahaman salafush sholih (kanca-kanca nabi ingkang saé/sholeh),
- Tansah ngicalaken utawi nebihi prakara bid'ah lan ugi ahli/pandemen bid'ah,
- Ngutamakaken pangajak-ajak dhateng dakwah tauhid,
- Ngudi ngèlmu ingkang mangfaat,
- At-Tashfiyah (nyucikaken saréngat) lan at-Tarbiyah (pendidikan),
- Merangi perpecahan umat.[2]