Salat id
From Wikipedia, the free encyclopedia
Salat id iku salat kang diayahi nalika mahargya dina riyaya Islam Idul Fitri lan Idul Adha. Salat id iku hukumé sunat, tegesé olèh pahala yèn ditindakaké nanging ora dosa yèn ditinggalaké. Salat iki sanadyan sunat nanging kaprayogakaké banget saéngga kaprayogakaké supaya diayahi lan ora ditinggalaké. Malah ana sawatara kang nganggep wajib tumrap wong lanang lan wadon kanthi dhasar hadis saka Ummu ‘Athiyah, panjenengané ngendika: أَمَرَنَا – تَعْنِى النَّبِىَّ-صلى الله عليه وسلم-– أَنْ نُخْرِجَ فِى الْعِيدَيْنِ الْعَوَاتِقَ وَذَوَاتِ الْخُدُورِ وَأَمَرَ الْحُيَّضَ أَنْ يَعْتَزِلْنَ مُصَلَّى الْمُسْلِمِينَ. “Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam mrintahaké marang kita nalika salat id (Idul Fithri lan Idul Adha) supaya ngetokaké para wanita (kang nembé ngancik diwasa) lan wanita kang dipingit, semono uga wanita kang pinuju haidh. Nanging panjenengané mrintahaké wanita kang pinuju haidh supaya ngadohi papan salat.[1]
|
Alesan wajibé salat id diandaraké déning Shidiq Hasan Khon (murid Asy Syaukani).
- Pisanan: Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam terus-terusan nglakoni.
- Kaloro: Nabi mrintahaké marang kaum muslimin supaya metu saka omah kanggo ngayahi salat id. Préntah metu saka omah iki nuduhaké préntah supaya ngayahi salat id tumrap kang ora pinuju udzur. Bab iki dianggep wajib metu saka omah amarga metu saka omah wujud wasilah (dalan) tumuju salat. Yèn wasilahé waé diwajibaké, mula tujuané (yaiku salat) otomatis uga wajib.
- Katelu: Ana préntah sajeroning Al Qur’an kang nuduhaké wajibé salat id yaiku firman Allah Ta’ala,
Adegaké salat lan anakakéqurban (an nahr). (QS. Al Kautsar: Maksud ayat iki yaiku préntah supaya ngayahi salat id.
- Kapapat: Salat jum’at dadi palastra tumrap wong kang wis ngayahi salat id yèn kaloro salat mau ketemu ing dina id. Kamangka sawijining tumindak kang wajig mung bisa diguguraké déning kang uga wajib. Yèn salat jum’at iku wajib, semono uga salat id.[2]