From Wikipedia, the free encyclopedia
Santa Agnes (291–304, dipèngeti saben tanggal 21 Januari) iku sawijining santa lan martir kenya saka Gréja Katulik Roma lan Gréja-Gréja Katulik Wétan. Panjenengané uga diakoni déning Gréja Inggris lan Komuni Anglikan sarta déning Ortodoksi Wétan. Panjenengané iku salah siji saka pitu wanita, saliyané Santa Kenya Maria, sing dipèngeti kanthi disebutaké jenengé sajeroning Kanon Misa. Panjenengané iku Santa Pelindhung kamurnèn, para tukang kebon, bocah-bocah gadis, para pasangan sing wis tunangan, para kurban ruda peksa, lan para kenya.
Santa Agnes | |
---|---|
Miyos | 291 |
Tilar donya | 304 |
Dipun urmati ing | Gréja Katulik Roma, Gréja Ortodoks Wétan, Gréja Anglikan, Gréja Ortodoks Oriental, Gréja Lutheran Injili ing Amérika |
Papan ziarah utama | Roma |
Dinten pèngetan | 21 Januari |
Atribut | cempé |
Pangreksa | pasangan sing wis tunangan; kaprawanan; Putra-putri Maria; Colegio Capranica ing Roma; asil panen; pasangan sing wis tunangan; tukang kebon; gadis pramuka; bocah-bocah gadis; kurban ruda peksa; para kenya; Kabiskopan Rockville Centre, New York |
Portal Santo |
Panjenengané uga ditepungi minangka Santa Agnes saka Roma lan Santa Ines. Tanggal pèngetané ya iku 21 Januari. Sadurungé, panjenengané uga dipèngeti saben tanggal 28 Januari. Tanggal pèngetan Santa Agnes sing keloro iki dibusak sajeroning réformasi Kalèndher Gréja sawisé Konsili Vatikan II. Minangka pangurmatan marang Santa Agnes, atusan gedhong Gréja dijenengi miturut jenengé, kalebu loro gedhong Gréja gedhé sing misuwur lan sawijining Katedral Gréja Anglikan ing Kyoto, Jepang. Sajeroning seni, panjenengané dilukisaké bebarengan sawijining cempé amarga jenengé duwé kamèmperan uni karo tembung Latin agnus, sing tegesé "cempé." Jeneng "Agnes" sajatiné asalé saka adjektiva feminin sajeroning Basa Yunani, ya iku hagnē (ἁγνή) sing tegesé "bening, murni, suci." Hrosvit saka Gandersheim nulis sawijining drama ngenani Santa Agnes nalika abad kaping 10.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Saint Agnes. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.