From Wikipedia, the free encyclopedia
Pasukan United Nations Emergency Force (UNEF) kang pisanan diwangun déning Sidang Umum PBB kanggo ngamanaké lan ngrampungi Krisis Suez ing taun 1956 kanthi resolusi 1001 (ES-I) tanggal 7 November, 1956, lan punjul kasil upayané Sekretaris Jendral PBB Dag Hammarskjöld lan proposal saka Mantri Luar Negri Canada, Lester Pearson. Minangka kakuatan militèr PBB kang pisanan tugasé:
Amarga resolusiPBB iku mau ora liwat Bab VII Piagam PBB, panggelaran wadyabala kudu olèh idin luwih dhisik saka pamaréntah Mesir. Sawisé negosiasi multilateral karo Mesir, sepuluh nagara nawakké mèlu urun wadyabala, ya iku nagara-nagara: Brasil, Kanadha, Kolombia, Dhènemarken, Finlan, India, Indonesia, Nurwègen, Swèdhen, lan Yugoslavia. Bantuan uga ditawakké déning Amérikah Sarékat, Italia, lan Switserlan. Pasukan pisanan teka ing Kairo tanggal 15 November, lan UNEF wis nduwé kakuatan wadyabala lengkap cacahé of 6,000 ing sasi Fèbruari 1957. Pasukan wis digelar kanthi penuh ing saubengé kanal, ing Sinai lan Gaza nalika Israèl narik mundur wadyabala pungkasané saka Rafah ing tanggal 8 Maret, 1957. Sekretaris Jendral PBB arep nggelar wadyabala UNEF ing tlatah Israèli miturut garis gencatan senjata taun 1949, nanging ditolak déning Israèl.[1]
Tugas UNEF diprenca dadi patang babak:
Amarga masalah finansial lan owahing kabutuhan, cacahé wadyabala tansaya nyusut nganti kari 3,378 nalika misi iki dipungkasi ing sasi Mèi 1967.
Tanggal 16 Mèi, 1967 pamaréntah Mesir mrintahaké supaya wadyabala PBB énggal oncat saka Sinai. Nuli Sekretaris Jendral PBB U Thant nyoba arep nggelar wadyabala PBB ing tllatah Israèl kanggo njaga tlatah penyangga, nanging ditulak déning Israèl..[2] Kanthi kaputusan kang kontroversial, Thant nuruti préntah Mesir tanpa konsultasi karo Dewan Keamanan PBB lan Sidang Umum PBB. Pasukan dievakuasi ing pungkasan sasi Mèi, nanging 15 bala UNEF kajebak sajeroning operasi pertempuran lan kaprejaya ing Perang Enem Dina. Tentara PBB kang pungkasan ninggal tlatah mau tanggal 17 Juni.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.