Dhéwan Kaamanan PBB

From Wikipedia, the free encyclopedia

Dhéwan Kaamanan PBB
Remove ads

Dewan Kaamanan PBB (cara Indonésia: Dewan Keamanan PBB), iku badan paling kuwat ing lembaga PBB. Tugasé njaga perdamaian lan keamanan antar nagara.

Sunyata Rikat Dewan Kaamanan PBB (ing basa Indonésia) UN Security Council(ing basa Inggris)مجلس الأمن الأمم المتحدة (ing basa Arab)联合国安全理事会 (ing basa Cina)Conseil de sécurité des Nations unies (ing basa Prancis) Совет Безопасности Организации Объединённых Наций (ing basa Ruslan) Consejo de Seguridad deNaciones Unidas (ing basa Spanyol)संयुक्त राष्ट्रसुरक्षा परिषद (ing basa Hindhi), Portal ...

Badan PBB liyané mung bisa mènèhi rékomendhasi marang para anggota, Dewan Keamanan nduwé kakuwatan kanggo njupuk kaputusan kang kudu ditindakaké para anggota dhedhasar Piagam PBB.

Dewan Keamanan nganakaké patemon pisanan tanggal 17 Januari 1946 ing Church House, London lan kaputusan kang dikukuhaké diarani Resolusi Dewan Keamanan PBB.

Remove ads

Anggota

Anggota Tetep

Dewan iki nduwé lima anggota tetep. Asalé saka kakuatan kang dadi pamenang sajeroning Perang Donya II:

Républik Cina diwetokaké taun 1971 lan diganti déning Républik Rakyat Tiongkok. Sawisé Uni Soviet pecah, Ruslan lumebu nggantèkaké Uni Soviet.

Mulané, anggota tetep Déwan Keamanan PBB saiki yaiku:

Kalima anggota mau nagara-nagara kang olèh duwé senjata nuklir dhedhasar Perjanjian Non-Proliferasi Nuklir.

Anggota Ora Tetep

Sepuluh anggota liyané dipilih déning Sidang Umum PBB kanggo mangsa bakti rong taun lawasé, kang diwiwiti tanggal 1 Januari, lan lima nagara anggota ora tetep mau diganti saben taun.

Anggota Ora Tetep Déwan Kaamanan kang dipilih taun 2006 yaiku:

  1. Argentina (Amérika Kidul)
  2. Dhénemarken (Éropa Kulon)
  3. Ghana (Afrika)
  4. Jepang (Asia)
  5. Péru (Amérika Kidul)
  6. Qatar (Asia)
  7. Républik Kongo (Afrika)
  8. Slowak (Éropa Wétan)
  9. Tanzania (Afrika)
  10. Yunani (Éropa Kidul)

Ana ing taun 16 Oktober 2006, Bèlgi, Indonésia, Italia lan Afrika Kidul kapilih dadi anggota ora tetep Dewan Keamanan PBB kanggo kalamangsa rong taun lan miwiti tugas tanggal 1 Januari 2007. Anggota kalima durung diputusaké.

Anggota kapilih taun (2007):

Katerangan liyané Nagara, Blok Regional ...

Anggota anyar kang kapilih kanggo ngganti Congo-Brazzaville, Ghana, Péru, Qatar lan Slowak ing wiwitan taun 2008 yaiku:

Katerangan liyané Nagara, Blok Regional ...

Anggota ddéwan kaamanan kang kapilih taun 2009-2010 yaiku:

Katerangan liyané Nagara, Blok regional ...
Remove ads

Tugas lan Fungsi Dewan Kaamanan

Ngenani bab mempertahankan perdamaian lan kaamanan internasional diserahké marang Déwan Keamanan, kanthi syarat; kabèh tindhakan Déewan Keamanan mau kudu selaras karo tujuan lan azas-azas PBB. Tugas lan kawajiban Déwan Keamanan bisa dipérang dadi sawatara golongan, yaiku:

  1. Ngrampungi pasulayan kanthi cara-cara damai, yaiku nganggo cara kang didhasarké saka; pasetujon sukarila utawa peksan ukum sajeroning ngayahi pasetujon.
  2. Njupuk tindhakan-tindhakan tumrap anané ancaman perdamaian lan perbuatan kang wujud penyerangan.

Déné fungsi Déwan Keamanan yaiku:

  1. Miara perdamaian lan keamanan internasionaal selaras karo azas-azas lan tujuan PBB.
  2. Nyelidiki persengketaan utawa situasi kang bisa njalari pergeseran internasional
  3. Ngusulaké métodhe-métodhe kanggo ngrampungi sengketa-sengketa utawa syarat penyelesaian.
  4. Ngrumusaké rencana-rencana kanggo ngukuhaké sistem kang ngatur persenjataan
  5. Nentokaké anané ancaman tumrap perdamaian utawa tindhakan agresi lan ngusulaké tindhakan apa kang kudu dilakoni.
  6. Nyerokaké kanggo nganakaké sanksi-sanksi ékonomi lan tindhakan liya kang dudu perang kanggo nyegah utawa ngendhegaké agrésor
  7. Nganakaké aksi militèr tumrap agrésor
  8. Ngusulaké pemasukan anggota-anggota anyar lan syarat-syarat kanggo nagara-nagara ngendi kang bisa dadi nagara pihak sajeroning status Mahkamah Internasional
  9. Nglaksanaaké fungsi-fungsi perwakilan PBB ing laladan “strategis”.
  10. Ngusulaké marang Majelis Umum pangangkatan Sekretaris Jenderal, lan bebarengan karo Majelis Umum, pangangkatan para hakim saka Mahkamah Internasional
  11. Nggawé lapuran taunan marang Majelis Umum

Sajeroning ngayahi tugasé, Déwan Keamanan dibantu badan-badan lan program mirunggan kaya ta:

Remove ads

Deleng uga

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads