From Wikipedia, the free encyclopedia
Warschau[1] utawa Warsawa (Polen Warszawa) iku kutha krajan Polen. Kutha iki sing ndunungi 1,7 yuta jiwa nanging ing wewengkon saubenging kutha iki ana mèh 3 yuta jiwa sing ndunungi.
| |||||||
Katrangan cekak | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Provinsi: | Mazowia (mazowieckie) | ||||||
Jembar: | 517,24 km² | ||||||
Padunung: | 1 726 581 (2014) jiwa (aglomerasi: 2,87 yuta jiwa) | ||||||
Pelat nomer kendaran motor: | W | ||||||
Situs wèb resmi: | um.warszawa.pl | ||||||
Pulitik | |||||||
Walikutha: | Hanna Gronkiewicz-Waltz |
Kutha iki diliwati kali Wisła (Inggris lan Latin Vistula). Warsawa ugi kutha krajan provinsi Mazovia.
Warsawa dudu kutha tuwa dhéwé ing Polen ing salah sijining kutha sing tuwa. Kutha iki wis dicathet ing taun 1241. Kutha iki dadi kutha krajan Polen ing taun 1596 nalika Ratu Polen pindhah.
Ing Perang Donya II, kutha iki dibedhah lan dibesmi bala Nazi Jerman. Ghetto Yahudi dibesmi ing taun 1943 lan sakutha diratakaké karo lemah ing taun 1944. Kabèh sing ndunungi dipatèni utawa diusir. Sawisé perang, kutha kuna dibangun manèh. Saiki kutha Warsawa kalebu Situs Warisan Donya UNESCO.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.