A

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Kaca iki ngamot artikel ngenani aksara A sajeroning abjad Latin. Kanggo panggunaan liyané, pirsani A (disambiguasi).

Sunyata Rikat
Sunyata Rikat Abjad Latin dasar ...

Aksara A iku aksara pisanan ing abjad Latin.

Sajarah

Aksara A bisa ditelusuri saka piktogram wujud endhas sapi lanang ing aksara paku Mesir utawa abjad Proto-Sinaitik.[1]

Katerangan liyané Aksara paku Mesir endhas sapi lanang, Proto-Semitik endhas sapi lanang ...

Uncial

Watara taun 1600 SM aksara ing abjad Fenisia duwé wangun linear sing dadi dhasar kanggo wangun-wangun sing sabanjuré. Jenengé gegandhèngan raket karo alef sajeroning abjad Ibrani.

Thumb
A Blackletter
Uncial A
A Uncial
Another Capital A
Blackletter A lainnya;
Thumb
A Roman Modern
Thumb
A Italik Modern
Thumb
A Aksara tulis Modern

Nalika wong-wong Yunani kuna ngadhopsi abjad, wong iku ora migunakaké glottal stop sing dikandhut aksara iki ing basa Fenisia lan basa-basa Semit liyané, amarga saka iku dipigunakaké tandha iki kanggo aksara urip /a/, lan mempertahankan jenengé kanthi owah-owahan sethithik (alfa). Sajeroning prasasti-prasasti Yunani sing paling wiwitan sawisé Zaman Kekelaman Yunani, sing kadadéan ing abad kaping-8 seb.M., aksara iki ditulisaké turon, nanging sajeroning abjad Yunani sing sabanjuré, aksara iki lumrahé mirib karo aksara kapital A modhèren, sanadyan manéka variasi saenggon bisa dibédakaké kanthi nyendhakaké salah siji sikilé, utawa kanthi sudut papan garis melintang dipapanaké.

Bangsa Etruska nggawa abjad Yunani sajeroning peradabané ing Jazirah Italia lan ngumbaraké aksara iki ora owah. Wong-wong Romawi sabanjuré ngadhopsi abjad Etruskan kanggo nulis basa Latin, lan aksara sing diasilaké banjur dilestarèkaké sajeroning abjad Latin modhèren sing diangggo nulis akèh basa, kalebu basa Inggris.

Thumb
Variasi-variasi tipografis, kalebu a susun loro lan susun siji.
Remove ads

Kodhe-kodhe kanggo komputasi

Sajeroning Unicode aksara kapital A migunakaké codepoint U+0041 lan aksara cilik a U+0061.[2]

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads