Sapi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Sapi (Basa krama: lembu) iku kéwan raja-kaya saka familia Bovidae lan subfamilia Bovinae.[1] Saliyané dipiara kanggo nggarap sawah (déning wong tani) kaya ta (narik luku, garu, lan liya-liyané), sapi uga bisa dijupuk susu lan dagingé.[1] Daging sapi rasané énak lan bisa digawé warna-warna masakan.[1] Saliyané iku kulit sapi uga bisa dimanfaatké kanggo gawé bedhug, kendhang, lan wayang kulit.[1]
Remove ads
Pakan Sapi
Pakan kéwan raja-kaya kang tradhisional lumrahé suket, godhong jagung, lan godhong-godhongan kaya ta godhong waru, godhong pethet, lan liya-liyané.[2] Mengkono uga sapi, lumrahé saliyané godhong-godhongan kaya mau uga kadang-kadang dicampuri katul yaiku glepung saka kulit beras.[2] Katul iku digawé saka kulit beras kang digiling.[2] Nanging bahan-bahan pangan kaya mau lumrahé thukulé musiman.[2] Yèn wayah udan akèh sing thukul subur lan yèn wayah katiga bakal padha garing.[2] Apamanéh yèn wayah rendheng bakal mati kebacken.[2] Mulané yèn wayah mangsa-mangsa kang tinamtu para peternak sapi bakal kangélan luru pakan sapi.[2] Saliyané iku, rega suket uga mundhak.[2] Saiki ana pakan sapi kang ora gumantung saka mangsa.[2] Pakan sapi kang jenengé protefeed iki bisa tinemu sawayah-wayah tanpa ngenténi mangsa udan.[2]Protefeed iki bahané saka sampah nabati.[2] Sampah nabati iki tuladhané sampah kulit wiji kopi, ampas tebu (ampas sisa gawé gula) lan ampas téla.[2] Bahan-bahan kang asalé saka sampah ing dhuwur iku duwé protéin kang akèh, saéngga bisa nambah gizi pakan sapi.[2]
Habitat
Sapi ana kang diternak ing padang rumput lan diumbar urip bébas.[3] Modél raja-kaya kang kaya ngéné iki kaya ta ing laladan Sumba-Sumbawa lan ing Éropa kang akèh padang rumput.[3] Saliyané cara kang kaya mangkono ana uga sapi kang diternak kanthi cara dikandhang.[3] Dadi sapi-sapi mau urip ing kandhang sapi.[3] Sanajan uripé ing kandhang, nanging sapi-sapi mau kanthi rutin dipakani lan dirumat.[3] Kandhang sapi kudu diresiki sawayah-wayah supaya sapi ora kena lelara, saliyané iku sapi kudu dibedhiangi.[3] Sapi dibedhiangi kanthi cara diobongaké dami (wit pari) yèn wayah bengi.[3]
Jinis Sapi
Ing Indonésia ana warna-warna jinis sapi.[4]
Asil olahan
Déndéng sayat
Déndéng sayat yaiku lembaran tipis daging sapi kang dibumboni. Déndéng sayat iki kanggo lawuh nalika mangan. Cara masak déndéng sayat kanthi digoreng.[5]
Susu sapi
Masarakat Indonesia wiwit mangertèni yèn sapi bisa ngasilaké susu nalika dijajah bangsa Walanda, udakara abad XVII[6]. Susu sapi bisa digawé warna-warna panganan. Prinsip kanggo ngolah susu sapi yaiku pasteurilisasi lan sterilisasi.[7] Susu kalebu nutrisi sepisanan kanggo makluk kang lagi waé lair, kanggo kéwan apa déné kanggo manungsa.[7] Susu sapi duwé gizi kang akèh, amarga susu sapi ngandhut zat kimia kang dibutuhaké awak kaya ta Calsium, Phosphor, Vitamin A, Vitamin B lan Riboflavin kang dhuwur.[7] Susu sapi gampang dicerna usus lan duwé protéin, mineral lan vitamin.[7] Telu-telune ndadèkaké susu sapi dadi bahan panganan kang fleksibel kang bisa diatur kadar lemaké, saéngga bisa jumbuh karo seléra konsumén.[7] Susu sapi uga bisa diolah saéngga duwé rasa strobérry, rasa jeruk, anggur lan buah-buah liyané.[7] Susu kalebu bahan pangan héwani, yaiku wujud cuwèran putih kang diasilaké kéwan raja-kaya lan kanthi cara diperes.[7] Saiki, méh saben laladan duwé pabrik susu.[7] Ing Sumatra Lor susu diasilaké ing Kabupatèn Deli Serdang, Simalungun, Binjai lan Medan.[7] Ing Pulo Jawa, susu diasilake lan diproses ing laladan Jawa Barat yaiku Lembang lan ujung berung, Jawa Tengah yaiku ing Semarang, Ungaran lan Boyolali lan ing laladan Jawa Wétan yaiku ing Pujon, Nongko jajar, Batu lan Grati.[7] Ing Amérika Sarékat, laladan-laladan penghasil susu ana ing kawasan urban utawa perkotaan kang akèh pandhudhuké.[7] Praja Amérika Sarékat kang ngasilaké susu kaya ta Wisconsin, California, New York, Minnesota,Pensylvania, Michican, Ohio lan Iowa.[7]
Susu sapi bisa dadi sumber protéin.[1] Para ilmuwan nerangaké yèn susu sapi bisa dadi pengganti ASI utawa ''Air Susu Ibu''.[1] Saliyané iku susu sapi bisa dadi nutrisi kang ora mbebayani tumrap kaséhatan awak.[1]
Cara Nemtokaké Umur Sapi
Cara kanggo nemtokaké umur sapi yaiku kanthi ndeleng untuné sapi[6]. Cara iki asring digunakaké kanggo mangertèni umur sapi kang ora dicathet kapan lairé sapi kasebut déning para peternak sapi.
- Nemtokaké umur pedhèt
Nalika dideleng untuné pedhet wis ana lan jangkep nanging durung temata, bisa dingertèni yèn umur pedhèt kasebut kira-kira 12-17 dina. Yèn untuné wis jèjèr lan temata umur pedhèt kasebut luwih saka 30 dina. Yèn untu pedhèt wis ana tandha naté dienggo utawa ana gèsèkan, pedhèt kasebut umuré 2-3 sasi. Sunguné uga wis metu, dawané kira-kira 3 cm. Untu seri sapi kanthi nomer I 1 yèn wis naté digunakaké kanthi titikan ana tipet gesekan karo ilat, pedhèt kasebut umuré 10-12 sasi.
2. Nemtokaké umur sapi diwasa
Menawa untu sapi I 1 wis ganti karo untu tetep, mula sapi wis diarani diwasa. Biasané umuré wis mancik 2 taun. Yén untu sapi kang nomer I 2 wis ganti, umuré wis 3 taun. Yén untu nomer I4 wis ganti, umuré sapi wis 4 taun.
Lelara Tumraping Sapi
Manéka lelara bisa nyerang sapi, lelara iki bisa njalari mudhuné manéka asil olahan produksi sapi lan ana kang bisa njalari sapi mati. Lelara kang umum ditemokaké ing sapi yaiku:[6]
- Radang Ambing utawa Mastitis
- Bloat Timpanitis
- Penyakit Mulut lan Kuku (PMK)
- Antrak utawa radang limpa
- Tuberkulosis (TBC)
Liya-liya
- Bison
- Daging sapi
Pranala njaba
- La Fratta, Italian Chianina cattle breeders Archived 2006-07-20 at the Wayback Machine.-Sinalunga, Siena, Italy
- Western Watersheds Project-Cows versus Conservation
- Cattle Breeds website-Oklahoma State University
- Cattle.com-Comprehensive Beef Portal
- PBS Nature: Holy Cow (about cows in general)
- UK Lincoln Red Cattle Society
- SearchCattle.com - Specialized Cattle Search Engine Archived 2007-06-24 at the Wayback Machine.
- Photo Gallery with Images of Cattle
- Prairie Ox Drovers -Information, help, and encouragement to get started with oxen.
- "Do McDonald's milkshakes contain seaweed?", The Straight Dope, 27-Nov-1992
- The Cattle Pages-Directory of information, cattle associations, and cattle breeders
- "45 Fun Facts About Cows" Archived 2007-06-07 at the Wayback Machine.
Gladri
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Bos taurus. |
- sapi
- Sapi ing Désa Sambi, Sléman, Jawa
- Monumèn sajarah sapi ing Polen
- Saté Sapi
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads