Aisyah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Cithakan:Istri-istriMuhammad Aisyah binti Abu Bakar (basa Arab: عائشة, transliterasi: `ā'isha), Turki Ayşe, Turki Utsmani Âişe) (sakiwa-tengené 604-678 Masehi)[1] garwa kinasih Muhammad. Kanggone wong Jawa, biyasa nyebut (Siti) Ngaisah
Ing panyebut, kadhangkala ditambahi sebutan "ummul Mukminin" (Ibu wong-wong kang Iman) (Arab: أمّ المؤمنين ummul-mu'minīn), ya iku sebutan kanggo garwa-garwa Nabi kaya déné kang mau ing Qur'an (33.6). Saka Panjenengane, akèh hadis kang kariwayatake, mligi hadis-hadis kang magayutan anggoné bebrayan karo Nabi. Nilik saka cacahé, Aisyah kalebu sahabat nabi kang paling akèh ngriwayatake hadis. Iki amarga Panjenengane pinaringan yuswa kang dawa sahengga duwé kalodhangan kang akèh kanggo medharake hadis marang para sahabat liya lan uga para tabi'in sahengga Aisyah uga bisa diarani guru lan ulama saka golongan sahabat.
Remove ads
Ètimologi
‘Aisyah ing basa Arab duwé teges "urip lan séhat".[2] Variasi nama dari ‘Aisyah ya iku ‘Aisya, yang memiliki makna yang sama pula.
Biografi
Genealogi
‘Aisyah putra putri saka Abu Bakar (khalifah kapisan), saka garwane ya iku Ummi Ruman kang sabanjuré uga miyosake Abdurrahman bin Abu Bakar.
Krama kaliyan Muhammad
Aisyah isih timur nalika krama klawan Nabi, lan dadi garwa kang paling ditresnani Nabi. Pangundang Nabi marang Aisyah ya iku Humaira kang ateges duwé pipi kang semu jambon.
Uga delengen
- As-Sabiqun al-Awwalun
- Pernikahan Muhammad
- Perang Jamal
Catatan kaki
Bacaan lanjutan
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads