Alyssa Soebandono

paraga wadon saka Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Alyssa Soebandono (lair ing Jakarta, Indonésia, 25 Dhésèmber 1991; umur 33 taun).[1] Alyssa Soebandono kang duwé jeneng pepak Anindya Alyssa Soebandono iku salah sijiné juru main sinétron kang asalé saka Indonésia.[1] Alyssa Soebandono lumrahé diundang kanthi jeneng Icha.[1] Alyssa iku anak nomer loro saka sadulur kang cacahé telu.[1] Artis iki duwé kasenengan main piranti musik piyul, nyanyi.[1] Kajaba iku, Alyssa Soebandono uga seneng maca lan ulah raga langi.[1]

Sunyata Rikat Lair, Bangsa ...
Remove ads

Karier

Alyssa Soebandono dadi bintang sinétron.[2] Sinetron kang dibintangi Alyssa judhulé kaya ta Pengantin Remaja, Upik Abu dan Laura, Alisa lan Kejora dan Bintang, Ada Apa Denganmu, Bunga di Tepi Jalan, Bintang, lan liya-liyané.[2]

Alyssa Soebandono tau digosipaké karo Pasha Ungu.[2] Iki amarga video mesra Pasha kang dadi vokalis grup band Ungu lan artis kang mirib Alyssa Soebandono nyebar ing internèt.[2] Vidéo iki suwéné rong menit. Ing vidéo iki ana adegan Pasha ngambung Alyssa Soebandono lan semono uga Alyssa Soebandono kang ngambung Pasha.[2] Ana uga adegan leloroné lagi rangkulan.[2] Nalika iku Pasha lan Alyssa lagi ana ing rèstoran Jepang kang dumunung ing Jakarta Pusat.[2] Nanging Alyssa nerangaké yèn vidéo iku ora bener.[2] Pasha uga nerangaké yèn dhèwèké ora pacaran karo Alyssa.[2]

Pasha wiwit cerak karo Alyssa Soebandono nalika leloroné lgi njupuk gambar vidéo klip Pasha kanthi single "Hampa Hatiku".[2] Ing vidéo iku, Alyssa Soebandono duwé peran dadi pacaré Pasha.[2] Gosip iki sangsaya ndadi amarga Pasha kang duwé anak telu iki mènèhi kembangé marang Alyssa Soebandono nalika peluncuran album Ungu, "Penguasa Hati", ing Balai Sarbini, Jakarta Selatan.[2]

Remove ads

Sinetron

Sinetron kang dibintangi Alyssa Soebandono.[1]

  • Bayangan Adinda
  • Senandung Masa Puber 3
  • Maha Cinta
  • Curi Pandang Cari Perhatian
  • Anak Cucu Adam
  • Pintu Hidayah
  • Bintang
  • Bunga Di Tepi Jalan
  • Baby Doll
  • Ada Apa Denganmu
  • Kakak Iparku 17Tahun
  • Aisyah
  • Pengantin Remaja
  • Upik Abu dan Laura
  • Alisa
  • Kejora dan Bintang
  • Lagu Cinta Nirmala

Filmografi

Film kang dibintangi Alyssa Soebandono.[1]

  • Petualangan Sherina (2000)
  • Janus: Prajurit Terakhir (2003)
  • Inikah Rasanya Cinta ? (2005)

Diskografi

Lagu kang dinyanyèkaké Alyssa Soebandono.[1]

  • Cerita Cinta Kita (mini album 2010)

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads