Amérika Lor

bawana From Wikipedia, the free encyclopedia

Amérika Lor
Remove ads

Amérika Lèr inggih punika buwana ing wilahan bumi pérangan lèr. Sisih lèr buwana punika kawatesi déning Segantun Arktik, ing sisih wétan déning Samodra Atlantik Lèr, ing sisih kidul déning Saganten Karibia, lan ing sisih kilèn déning Samodra Pasifik Lèr. Buwana punika njangkep wewengkon kanthi wiyar 24.500.000 km² utawi kirang langkung 4,8% saking lumah bumi.

Thumb
Gambar satelit Amérika Lèr
Thumb
Basa-basa pribumi ing Amérika Lèr

Wiwit Juli 2002, pendhudhukipun kinten-kinten langkung saking 514.600.000. Buwana punika buwana nomer tiga ingkang paling ageng miturut wiyar, sasampunipun Asia lan Afrika, lan nomer sekawan miturut pendhudhuk sasampunipun Asia, Afrika, lan Éropa. Amérika Lèr lan Kidul dipunparingi asma miturut Amerigo Vespucci, inggih punika tiyang Éropa kapisan ingkang nglontaraken gagasan bilih Amérika boten sami kaliyan Hindia Timur. Piyambakipun punika tiyang Éropa kapisan ingkang manggihi 'Dunia Baru'.

Gandhènganipun siti saking Amérika Lèr tumuju Amérika Kidul namung tanah genting Panama. (Kanggé alasan geopulitik, sadaya Panama – kalebet wétan pérangan Terusan Panama asring dipunanggep dados sapérangan Amérika Lèr ugi). Miturut sapérangan nimpuna, Amérika Lèr wiwit boten ing tanah genting Panama nanging ing tanah genting Tehuantepec, kanthi laladan ngalangi dipunanggep Amérika Tengah lan kasandhar ing lèmpèngan Caribbean.

Kathah tiyang langkung nganggep Amérika Tengah dados laladan Amérika Lèr amargi tiyang-tiyang kasebat gadhah pendhapat bilih Amérika Tengah langkung alit manawi dados buwana piyambak. Grunlan, éwadéné dados pérangan Amérika Lèr kanthi géografis lan ing nginggil lèmpèngan tektonik ingkang sami (lèmpèngan Amérika Lèr), nanging boten dipunanggep pérangan buwana punika kanthi politis.

Remove ads

Ékan regional

Amérika Lèr, punika satunggaling ékan regional. Nagari-nagari ingkang kalebet ing Amérika Lèr inggih punika:

Kadhangkala Amérika Lèr, dipunanggep dados buwana piyambak, kapisah saking Amérika Kidul. Watesan Amérika Lèr lan Amérika Kidul punika ing Panama.

Pambagéyan wewengkon kanthi pulitik


Katerangan liyané Entitas pulitik, Kawasan ...

Catatan:
1.^ Panglompokan kawasan ingkang dhasaripun peta PBB.
2.^ Njangkep Nagari Pérangan Hawaii ingkang papanipun ing kawasan Oceania.
3.^ , 4, 6 lan 7. Gumantung dhefinisinipun, Aruba, Antillen Walanda, Panama, lan Trinidad lan Tobago gadhah salah satunggal utawi kalih wewengkon ing Amérika Lor lan Kidul.
5.^ Gunung Soufriere Hills ingkang wiwit aktif kawit taun 1995 ngancuraken sapérangan ageng Plymouth, ibu kitha de jure Montserrat. Kantor-kantor pamréntahan. Ibu kitha de facto papanipun ing Brades.

Remove ads

Ugi pirsani

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads