Andy Carroll
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Andrew Thomas Carroll (lair di Gateshead, Inggris. 6 Januari 1989; umur 22 taun) ya iku juru main bal-balan sing asalé Inggris sing main ing posisi penyerang kanggo klub West Ham United (disilihaké saka Liverpool) lan Tim nasional bal-balan Inggris.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Remove ads
Karir Klub
Newcastle United
Andy Carroll miwiti karir bal-balané ing akademi bal-balan Newcastle lan dipercaya main ing Piala UEFA nalika umuré 17 taun lan 300 dina[3], saingga panjenengané minangka juru main palinga enom ing klub mau sing main ing kancah Éropah. Gol kapisan sing panjenengané cetak ya iku ing gawang Juventus nalika ing salah sijining laga persahabatan ing taun 2007.[3]
Sempet disilihaké ing klub Preston North End sasuwené sak mangsa, Carroll bali ing klub Newcastle United taun 2008. Nanging panjenengané kudu nunggu tekan mangsa 2009/2010 kanggo bisa ngentukaké kesempatan main luwih akèh, lantaran akèh lungané penyerang utama Newcastle kaya ta Michael Owen, Mark Viduka lan Obafemi Martins ing wektu iku.[3]
Kesempatan mau bisa dimanfaatké déning Carroll liwat performa sing apik lan gol-gol sing terus dicétak saka sikil lan sirahé. Wiwit dadi péranganing skuat utama klub Newcastle United, panjenengané ngrampungké mangsa 2009/2010 kanthi total nyetak 19 gol ing kabèh kompetisi, 17 ing antarané ing liga.[3]
Liverpool
Andy Carroll ngrampungaké prosès transfer panjenengané saka Newcastle United pinuju Liverpool F.C. ing Januari 2011 kanthi nominal transfer 35 yuta Pounds[4] lan nandatangani kontrak sasuwéné 5,5 taun sing nggawe panjenengané ing Anfield tekan taun 2016[4]. Kanthi jumlah nominal transfer mau Andy Carroll lumebu ing 8 besar pratélan juru main paling larang ing donya (Januari 2011) utawa 2 gedhé pratélan juru main paling larang ing Liga Primer Inggris (Januari 2011).[5]
West Ham United
Ing wulan Agustus 2012, Carrol gabung ing West Ham United kanthi status minangka juru main silihan saka Liverpool F.C. tekan pungkasan mangsa 2012–13.[6]
New Castle United
Ing musim anyar 2019-20 Andy Carrol bali menyang klub kang gedhèkaké jenengé sakawit, yaiku New Castle United kang dilatih dening Steve Bruce.
Remove ads
Karier Internasional
Andy Carroll sing kapisan main ing tim nasional bal-balan inggris ing laga persahabatan nglawan Tim nasional bal-balan Perancis tangga; 17 November 2010.[7] Sanadyan panjenengané sempet mèlu ing permasalahan ing njaba lapangan lantaran penyerangan salah sijining priya ing klub wengi[7] Andy Carroll tetep dadi salah siji juru main sing dipercaya déning pelatih Fabio Capello kanggo main ing tim nasional bal-balan Inggris.[7]
Remove ads
Réferènsi
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads