Januari 2011
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
< | Januari 2011 | > | ||||
M | S | S | R | K | J | S |
1 | ||||||
2 | 3 | 4 | 5 | 6 | 7 | 8 |
9 | 10 | 11 | 12 | 13 | 14 | 15 |
16 | 17 | 18 | 19 | 20 | 21 | 22 |
23 | 24 | 25 | 26 | 27 | 28 | 29 |
30 | 31 | |||||
Kalendher Setaun |
Prastawa
- 14 Januari Présidhèn Ben Ali saking Tunisia mlajeng dhateng nagari ngamanca sasampunipun huru-hara. Piyambakipun sampun mréntah saking taun 1987.
- 13 Wonten organisme ingkang umuripun sampun 34.000 taun taksih gesang kapanggih.(Yahoo!)
- 9 Referèndum ngenani kamardikan Sudan Kidul sampun dipunwiwiti.
- 9 Wonten montor miber Air Iran Pamiberan 277 dhawah celak kutha Urumiyeh ing Iran. Saking 156 panumpang wonten 33 ingkang slamet lan 72 jiwa téwas.
- 8 Anggota Congress Amérikah Sarékat, Gabrielle Giffords dipuntémbak in Tucson, Arizona nanging taksih gesang. Wonten 6 tiyang bèntenipun téwas lan 12 tatu-tatu. Ingkang némbak satunggaling tiyang jaler umur 22 taun.
- 5 Kobongan ageng ing satunggaling pabrik kimia Chemie-Pack ing Moerdijk sakidulipun Rotterdam ndamel latu saha asep inggil sanget. Begjanipun boten wonten kurban jiwa.(RNW)
- 4 Grahana srengéngé kapisan ing taun 2011 katingal cetha ing Éropa, Afrika Lèr lan Asia Lèr.
- 3 Angkatan pungkasan wajib militèr Jerman dipunundhang. Ing tanggal 1 Maret 2011 ingkang dipunundhang namun angkatan sukalilawan kémawon. Wiwit tanggal 1 Juli, wajib militèr ing Jerman badhé dipunjabel.
- 2 Ruslan ngèndelaken sadaya montor mabur Tupolev 154 satelasipun wonten sawatawis kacilakan ing taun 2010 lan tanggal 1 Januari.
- 1 Januari 2011 Éstlan minangka anggota Uni Éropa dados nagari kapindhah manten Uni Sovyèt ingkang ngadopsi valuta Euro.
Remove ads
Ugi pirsani
- Dhésèmber 2010 -Januari 2011-Fèbruari 2011
- Taun 2011-Kalendher kadadosan
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads