Angin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Angin iku hawa sing obah amarga rotasi bumi lan anané tekanan udara ing saubengé.[1] Aliran munggahé hawa panas lan mudhuné hawa atis diarani konveksi.[1]


Jénis Angin
Lumrahé, angin kapantha dadi angin lokal lan angin mangsa.[2] Angin lokal ana telung macem, yaiku:[2]
- angin darat lan angin laut
- angin gunung lan angin lembah
- angin ribut lan angin puyuh
Angin mangsa utawa angin periodik ana limang jénis, yaiku.[1] [2]
- Angin Passat
- Angin Anti Passat
- Angin Barat
- Angin Timur
- Angin Monsun (muson)
Angin pancèn ora bisa disawang nanging angin bisa diukur.[3] Piranti kanggo ngukur angin yaiku.[3]
- Anémométér, yaiku piranti kanggo ngukur bantèré angin.
- Wind vane, yaiku piranti kanggo mangerténi arah angin.
- Windsock, yaiku piranti kanggo mangerténi arah angin lan ngira-ira gedhé lan banteré angin mau. Padatan diènggo ing papan anggegana–papan anggegana.
Remove ads
Faktor Dumadiné Angin
Faktor-faktor dumadine angin yaiku.[4]
- Gradién barometris, yaiku wilangan sing nuduhaké béda tekanan udara saka 2 isobar sing adohé 111 km. Saya gedhé gradién barometrisé, saya rikat obahé angin.
- Posisi panggonan. Banteré angin ing cedhak khatulistiwa luwih rikat saka panggonan sing adoh saka garis khatulistiwa.
- Dhuwuré panggonan. Saya dhuwur panggonan, saya banter angin. Kuwi amarga prabawa gaya gésék sing ngalangi obahe angin.
- Wèktu. Angin nalika awan luwih banter tinimbang angin wayah bengi.
Remove ads
Mupangat Angin
Manfaaté angin yaiku:[5]
Pranala njaba
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Angin. |
- Meteorology Guides: Forces and Winds – Instruksional modul dari University of Illinois
- Names of Winds – Sebuah pratélan dari Layanan Cuaca Golden Gate
- Wind Atlases of the World – Pratélan atlas angin dan survei angin dari seluruh donya
- Winds of Mars: Aeolian Activity and Landforms – Paper dengan slide yang menggambarkan aktivitas angin di planit Mars
- Classification of Wind Speeds Archived 2009-03-07 at the Wayback Machine.
- Wind-speed chart Archived 2010-01-03 at the Wayback Machine.
- The Bibliography of Aeolian Research Archived 2017-06-07 at the Wayback Machine.
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads