Anju (panganan)

From Wikipedia, the free encyclopedia

Anju (panganan)
Remove ads

Anju (pocapané [andʑu]) ya iku jajanan kang disuguhake ing Koréa kanggo dipangan bareng ombèn-ombèn kang ngandhut alkohol (mligine bareng soju). Dhèndhèng sapi, hoe, yukhoe, kacang, iwak nus garing lan gochujang, rajangan woh-wohan, salad, lan dubu kimchi (tahu kimchi) minangka sapérangan tuladha anju kang misuwur.[1]

Thumb
Anju

Sanajan ora ana paugeran kang jelas, anju kang disuguhake padatan miturut ombèn-ombèn kang diombe. Makgeolli lan dongdongju padatan diombe karo anju awujud pajeon utawa bindaetteok. Bir padatan diombe bareng sosis utawa pitik goreng.

Anju disediakake ing bar, omah makan, lan papan karaoke kang nyuguhake ombèn-ombèn alkohol. Ing sapérangan papan oombèn-ombèn ing Koréa, anju kudu dipesen nalika pesen ombèn-ombèn alkohol.

Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads