Arachnida
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Arachnida yaiku salah sawijiné kelas kéwan invertebrata Arthropoda subfilum Chelicerata.[1] Tuladha saka Arachnida yaiku mangga , kalajengking, lan tungau.[1] Luwih saka 75.000 spésies Arachnida kang bisa tinemu déning para èlmuwan yaiku jinis mangga.[2] Arachnida kalebu kéwan karnivora amarga racaké mangsa gegremet lan terestial kang urip ing dharat.[2]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Remove ads
Remove ads
Ciri-ciri
Padatan, Arachnida kalebu kéwan kang urip ing dharatan. Nanging, uga ana kang urip ing sagara.[1] Awaké kawangun saka sefalotoraks, abdomen, lan 4 pasang sikil.[1] Arachnidéa duwé mripat tunggal, awaké berbuku lan bisa dibédakaké jinis lanang lan jinis wadon.[1] Kéwan iki ora nduwé antena lan mandibula.[1]
Sistem pencernaan Arachnidaé kawangun saka lambé, tenggorokan, lambung, usus alus, anus, lan klanjer racun kanggo matèni mangsané.[1] Rèspirasi Arachnida nganggo paru-paru buku lan trakéa.[1] Sistem èkskrèsiné kanthi saluran Malphigi lan sistem sarafé yaiku sistem saraf tangga tali, déné fertilisasiné kanthi cara internal lan ora ngalami metamorfosis.[1] Reprodhuksi Arachnida kadadèn kanthi cara sèksual, yaiku nyawijiné ovum lan spèrma ing jero awak kéwan wadon.[3] Kéwan lanang lan wadon kapisah kang diarani diesis.[3]
Remove ads
Klasifikasi
Arachnida kapérang dadi telung ordho, yaiku Arachnoidea, Scorpionida, lan Acarina.[4]
Arachnoidea
Tuladha kéwan kang kalebu ordho Arachnoidea yaiku:
Scorpionida
Kéwan iki nduwé weteng wujudé ros-ros lan ing ros kang pungkasan malih dadi piranti kanggo mbéla dhiri.[5] Tuladhané yaiku:
- Kalajengking (Vejovis sp, Hadrurus sp, Centrurus sp) [5]
- Tonggeng (Buthus) [5]
Acarina
Tuladahané yaiku:
Remove ads
Deleng uga
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads